Mindak Setya Tuhu Dateng Gusti Renungan Harian 17 Oktober 2019

17 October 2019

Waosan : Yesaya 54 : 11 – 17 | Pamuji : KPJ 191
Nats : “… sira bakal kajejegake ing kabeneran. Sira bakal ingedohake saka ing panganiaya, mulane sira ora susah wedi maneh, tuwin sira bakal adoh saka ing pagiris, sebab iku ora bakal nekani sira (ayat 14)

Sinten ingkang mboten remen gesang kanthi kebak ing kabungahan lan katebihaken saking sakatahing piawon? Tamtu sedaya tiyang kepingin sanget gesang ingkang kados makaten. Gesangipun saged kacekapan, kaberkahan sarta tansah ngraosaken tentrem rahayu. Boten wonten tiyang ingkang kepengin rekaos, sisah lan nandang kasangsaran gesangipun.

Kados dene bangsa Israel ingkang nampi prasetyanipun Gusti badhe katebihaken saking sakatahing piawon. Ananging tamtu wonten syaratipun
inggih punika kedah gesang setyatuhu dumatheng Gusti Allah lan nilar tumindhak pitados dumatheng allah sanesipun.

Makaten ugi gesang kita sadinten-dinten kathah sanget panggoda supados kita tebih lan nilar Gusti Yesus. Langkung-langkung ing bumi Indonesia
ingkang mawarni warni agaminipun. Contonipun pados pedamelan lan koskosan bilih ngrasuk agami sanes langkung gampil. Pados jodho ingkang
Kristen kok ewet langkung gampil bilih saking agami sanesipun ugi saged mindhak jabatan bilih pindah agami sanes lan mawarni-warni pambengan
gesangipun tiyang Kristen. Kita kedah saged rukun kalian masyarakat ingkang benten kalian kita ananging kita ugi kedah kiyat ing kapitadosan.

Bilih Gusti Yesus sampun setya dumatheng kita ngantos ngorbanaken nyawanipun kadospundi kalian kita? Tentu ing salampahing gesang kita
kedah setya tuhu dateng Gusti Yesus. Ayat 14 kalawau saged dados dasar  anggen kita setya tuhu dateng Gusti. Tiyang ingkang setya tuhu dateng
Gusti Allah saged dipun tingali sarana tumindak gesangipun, kados nindakaken kabeneran, lan nebihi laku duraka. Piyambakipun pitados bilih
dedaya pambengan gesang saged dipun adhepi kanthi sae, kita namung kedah ngiyataken manah lan sabar nengga pitulunganipun Gusti dateng kita. Pramila mangga kita dados umatipun Gusti ingkang sangsaya dinten mindhak setya tuhu dateng Gusti. (AM)

“Gusti Yesus mboten badhe negakakaen kita ingkang setyatuhu”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak