Yen Nulung Aja Menthung Renungan Harian 15 Oktober 2019

15 October 2019

Waosan : 2 Para Raja 5 : 15 – 19a | Pamuji : KPJ 357
Nats : “Nanging nabi Elisa mangsuli, ature: “Dhemi Pangeran Yehuwah ingkang gesang, ingkang kula ladosi wonten ing ngarsanipun, kula saestu mboten badhe nampeni punapa-punapa”. Lan sanadyan Sang Naaman adreng pamundhute, supaya karsaa nampeni, nanging Nabi Elisa tetep ora karsa.” (ayat 16)

Wonten unen-unen “nulung menthung”, tegesipun tumindakipun tiyang ingkang ketingalipun nulung, nanging sejatine tiyang punika nyilakani
ingkang dipun tulung. Umpaminipun, pak Thilèk mbetahaken arta. Lajeng ndugi pak Kawuk ngampili arta. Pak Thilèk tamtu bingah. Nanging mboten
dangu, wonten Pak Kawok nagih arta punika kaliyan bunganipun ingkang kathah. Punika murugaken P. Thilèk sisah, awit piyambakipun sampun
ngrumaosi dipun cilakani dening P. Kawok. Pitulunganipun pak Kawok malah murugaken sisahing pak Thilèk.

Punapa ingkang dipun tindakaken dening P. Kawok benten kaliyan Nabi Elisa ing waosan wau. Dipun sebataken ing waosan wau, kados pundi Nabi Elisa minangka abdinipun Gusti punika kersa paring pitulungan kanthi eklas dhumateng senapati Naaman, ingkang saweg nandang sakit kusta. Sinaosa senapati Naaman punika tiyang Aram (mengsahipun Israel), nanging nabi Elisa kersa paring pitulungan lan mboten mendhet “keuntungan” saking kasaenanipun punika. Malahan, nalika senapati Naaman badhe maringi atur-aturan, nabi Elisa mboten kersa nampi. Awit nabi Elisa anggenipun nulung punika eklas, dhemi Pangeran Yehuwah ingkang dipun ladosi (ay.16). Kasaenanipun Nabi Elisa punika ndadosaken asmanipun Gusti kaluhuraken. Punika katitik saking senapati Naaman purun ngabekti dhumateng Gusti Allah sarana maringi kurban dhumateng Gusti Allah
(ay.17).

Sumangga ing pigesangan saben dinten minangka abdinipun Gusti, kita sami nulad tumindakipun nabi Elisa. Anggen kita paring pitulungan dhateng
sesami, kita tindakaken kanthi tulus eklas. Mboten ningali sinten ingkang kita tulung punika –agamine, pangkat/drajate, jaler napa estri. Awit
lumantar pitulungan ingkang eklas punika, kita saged ngraketaken pasedherekan lan asmanipun Gusti saged kaluhuraken. Amin. (DC)

“Ing salebeting tumindak sae ingkang eklas kita tindakaken, kita saged mangun pasedherekan sejati lan ndadosaken kaluhuran Asmanipun Gusti”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak