Waosan : Efesus 2 : 1 – 10 l Pamuji : KPJ. 141
Nats: “Marga kita iki titahe Gusti Allah, katitahake ana ing Sang Kristus, supaya padha nglakoni panggawe becik kang kacawisake Gusti Allah sadurunge, minangka ambah-ambahan kita.” (ayat 10)
Menawi tindak dateng kitha Ngayogyakarta, asring sanget kita mireng istilah “abdi dalem”. Gelar menika dipun paringaken Sri Sultan Hamengkubuwana kangge tiyang ingkang masrahaken gesangipun kagem leladi wonten ing salebetipun Kraton Ngayogyakarta. Tembung “abdi” ingkang ateges “ngabdi” lan “dalem” dipun artosaken kagem Sultan/Raja. Tugas abdi dalem menika mboten gampil, piyampakipun kedha paring piwucal ingkang sae tumrap tiyang katha lumantar tindak – tanduk lan pituturipun. Ing wedal sanes, abdi dalem tamtu kedah nindakaken menapa ingkang dados sabda Sultan. Bilih kita ningali gesang kita, menapa kita saged nindakaken gesang kita kadosdene abdi dalem kalawau?
Kita menika abdi dalemipun Gusti Allah, warganing kraton swarga, ingkang sampun katebus lan sampun dipun parangi kawilujengan saking pangurbananipun Gusti Yesus Kristus. Seratipun Rasul Paulus kangge pasamuan ing kutha Efesus, paring piwucal lan pangenget-enget bilih minangka sih-rahmatIpun Gusti Yesus sampun nebus lan maringaken gesang enggal kangge kita. Gesang kita ingkang kebak kaluputan, dipun gantos kaliyan gesang ingkang kebak rahayu. Menika ingkang dadosaken Rasul Paulus ngajak pasamuan ing Efesus ningali bilih menika mboten amargi kekiyatan pasamuan ingkang sampun ngupaya kawilujengan. Sedayanipun amargi katresnan saking Sang Kristus.
Salajengipun, kadospundi kita mujudaken saos sokur kita tumrap sih-rahmat, ugi katresnan ingkang endah menika? Rasul Paulus ngendika ing ayat 10, bilih gesang kita menika sampun dipun titahaken Gusti Allah wonten ing Sang Kristus. Pakaryan menapa kemawon ingkang Sang Kristus kersaake lan sampun dipun lajengaken supados saged kita tindakaken ugi wontening gesang kita sadinten-dinten. Kadosdene abdi dalem kraton, kita ugi ngadahi tugas lan tanggeljawab paring tuladha ingkang becik lan nyondongi kaliyan kersanipun Gusti. Tindak tanduk ingkang saged ngambaraken gesang enggal, katentreman ing gesang kita. (gantrung)
“Dadio lilin kang tansah sumunar”