Apa Anane Renungan Harian 25 September 2019

25 September 2019

Waosan : Lukas 20 : 45 — 21 : 4  |  Pamuji : KPJ. 421 : 1, 2
Nats:
”…. nanging randha iki ngaturake saka kamiskinane, ….” (21:4)

Sansaya dangu, sansaya kathah tiyang ingkang boten saged ngakeni kakiranganipun awit rumaos gengsi manawi kawontenanipun boten timbang kaliyan rencang, sedherek, utawi sesaminipun. Pramila lajeng kathah tiyang ingkang nindakaken gesang punika boten condhong kaliyan kahanan aslinipun. Mekaten ugi, sansaya kathah tiyang ingkang mangun citra dhiri sae, ananging estunipun boten condhong kaliyan sipat aslinipun, minimal kangge nutupi sipat aslinipun. Sadaya punika ndadosaken manungsa umumipun langkung mentingaken punapa ingkang katingal sae tinimbang ngupaya prakawis ingkang saestu sae.

Prakawis punika ndadosaken manungsa sansaya kecalan jati dhirinipun anggen gesang gegayutan kaliyan sesami ugi kaliyan Gusti. Kamangka, Gusti ngarsakaken para kagunganipun supados boten namung nggadhahi citra ingkang sae, ananging ugi temen-temen sae. Boten kados ahli Toret, ananging kados randha miskin. Ahli Toret anggen nindakaken gesangipun inggih supados piyambakipun kamulyakaken dening sesami, kawastanan suci, lan dipun segani. Ananging randha miskin, anggen nindakaken timbalanipun ing satengahing saos pisungsung, inggih saestu namung kagem kamulyanipun Gusti.

Saking kekalihipun, kita saged nyinau bab gaya hidup ingkang ethok-ethok / apen-apen, lan gaya hidup ingkang apa anane. Tiyang ingkang taksih nguber kamulyaning dhiri, sampun tamtu sadhengah ingkang dipun upaya lan tindakaken inggih supados kagunggung dening liyan. Satemah, sakathahing tumindakipun boten adhedhasar ing kamurnianing manahipun. Kosok wangsulipun, manawi tiyang punika ngeneraken pikiran lan manahipun kagem kamulyaning Gusti, tamtu punapa ingkang katindakaken inggih adhedhasar ing manahipun ingkang murni. Randha miskin sampun paring tuladha bilih sok sintena ingkang ngeneraken tumindakipun murih kamulyaning Gusti, boten badhe kecalan drajatipun. Ateges, tiyang ingkang nggadhahi gaya hidup ingkang apa anane, boten badhe kaasoraken, kepara malah kaluhuraken dening lan kados Gusti piyambak.

Swawi kita kanthi saestu nyinau lan tansah ngupaya manah ingkang murni. Gesang apa anane tamtu sanes prakawis ingkang ndadosaken kita kecalan semangat kangge ngupaya gesang ingkang linuwih, ananging kita gayemi minangka pangupaya anggen ngeneraken manah lan lampah dhateng kamulyaning Gusti. [aan]

Apa anane ora bakal ndadekake kita kaasorake!

 

Renungan Harian

Renungan Harian Anak