Intinya Inti, Core of The Core, Geh Punika Gusti Yesus Renungan Harian 23 September 2019

23 September 2019

Waosan :  Lelakone Para Rasul 4 : 1 – 12   │    Pamuji  :  KPJ. 412
Nats:
“Kaliyan malih boten wonten karahayonan wonten ing sintena kemawon, kajawi wonten ing Panjenenganipun, amargi ing sakurebing langit punika boten wonten asma sanesipun ingkang kaparingaken dhateng manungsa, ingkang dados margining karahayon kita” (Ay. 12)

Ing dinten menika kita sami nglampahi dinten Hari Bahari. Hari Bahari dipun wiwiti nalika 23 September 1967. Ing dinten menika kita sami saged ningali lan sadar bilih 70% wilayah Indonesia kalebet ing maritim. Potensi-potensi ing maritim kita katah sanget, kados minyak bumi, ilam, lan kekayaan alam sanes-sanesipun wonten ing wilayah maritim kita. Indonesia saged dados negari dikdaya bilih wangsul ing “Intinya Inti” wilayah Indonesia geh menika Bahari. Semangat Bahari kedah kita lestantunaken semangat wangsul ing “Intinya Inti”.

Waosan Lelakone Para Rasul 4:1-12, nyariosaken Rasul Petrus lan Rasul Yokanan dipun cepeng lan dipun adili ing ngarsane pradatane Agama. Rasul Petrus maringi wangsulan dateng pradatane agama ingkang tanglet peladosan Rasul Petrus lan Rasul Yokanan menika adedasar kuasa punapa. Landesan menapa ingkang dilampahi dene Rasul Petrus wonten ing salebete panguwasa Gusti Yesus Kristus. Karana  Gusti Yesus dados dasar ingkang nyata “Intinya Inti, Ahlinya Ahli, Core of The Core”.

Nalika kita saged wangsul malih wonten ing “Intinya Inti”, peladosan kita boten pados pamrih. Nalika kita saged wangsul malih wonten ing “Intinya Inti”, peladosan kita boten ajrih kaliyan panyenyamah, paido lan dipun aniyaya. Nalika kita saged wangsul malih ing “Intinya Inti”, kapitadosan kita manggihi gesang langgeng. “Intinya Inti, Core Of The Core” kapitadosan lan samubarang gesang ing alam donya namung wonten ing Gusti Yesus. Gusti ingkang dados sumber kakiyatan saha pitulunganing gesang kita. Pramila mangga kita sami rumaket dateng Gusti Yesus ingkang dados intining gesang kita. Gusti ingkang tansah nganthi lan mberkahi dateng kita para umat kagunganipun. Amin. (MWB)

 “Gusti Yesus Kristus punika jatining kauripan”

 

Renungan Harian

Renungan Harian Anak