Waosan : 1 Timotius 1 : 12 – 17 | Pamuji : KPJ. 427
Nats: “Aku saos sokur marang Panjenengane kang nyantosakake aku, yaiku Kristus Yesus Gusti kita, amarga Panjenengane karsa nganggep aku setya sarta mitayakake bubuhan leladi iki marang aku.” (ayat 12)
“Nek tak eling-eling tingkah lakuku ing dina-dina sing wis tak liwati, sakjane uripku padha wae karo Rasul Paulus sing nulis Kitab 1 Timotius iki, artine padha-padha dosane. Ana dosa lan kesalahanku sing diweruhi wong liya, tapi ya ana dosa lan kesalahanku sing ora diweruhi dening wong liya. Tapi Gusti mesthi ya weruh…eh pirsa. Masiya ora kejem banget kaya Paulus, tapi aku ya gawe dosa lan nglakoni kesalahan. Kadhang-kadhang aku ora jujur alias ngapusi bojoku, wong tuwaku, dulurku, anakku, kancaku, pimpinanku. Kadhang-kadhang malah aku ya laku / ngomong kasar nyang anakku, bojoku, wong ngisoranku…. Gusti, kula nyuwun pangapunten!!! Gusti mesthi kersa ngapura aku srana pangurbanane.”
“Padha karo Paulus, aku ya disabari dening Gusti Yesus. Saben dina aku ya diberkahi Gusti, nyatane kabutuhanku saben dina ya mesthi kacukupan. Aku ora tau kekurangan. Nek pas lara, aku ya dilipur, aku entuk obat, aku dadi waras, masiya kadhang-kadhang larane suwi ora ndang waras. Akhire, aku toh isa nglakoni kegiatan-kegiatan. Gusti mesthi ngayomi aku ning endi-endi panggonan, masiya kadhang-kadhang aku cilaka merga kesalahanku dhewe. Gusti ya mesthi nulungi aku nek aku pas ngalami kangelan nglakoni tugas utawa pegaweanku. Gusti Yesus setya banget ngrumati uripku saben dina.”
“Paulus terus berubah total dadi setya tenan nyang Gusti Yesus, nganti Gusti Yesus mitayakake…mempercayakan kegiatan pelayanan nyang Paulus. Aku kudune ya setya nyang Gusti Yesus. Mosok Gusti Yesus wis setya nyang aku, aku ora setya? Ah…aku arep berusaha setya tenan nyang Gusti Yesus…. Gusti, mugi Paduka paring kekuatan dhateng kula!!! Aku tak tenanan ah…nglakoni tugas pelayanan ning greja iki. Aku tak tetep melu kegiatan pelayanan ning grejaku, masiya aku dudu anggota Majelis. Aku tak ngelingna lan ngajak kanca-kanca…eh dulur-dulur warga jemaat supaya padha setya nyang Gusti Yesus lan aktif ning kegiatan pelayanan greja.” [st]
“Nyang aku Gusti Yesus setya, mosok aku ora setya? Kebangeten, nek ora”