Kedewasaan Iman Renungan Harian 9 September 2019

9 September 2019

Waosan  :  1 Timotius 3 : 14  –  4 : 5 | Pamuji  :  KPJ. 202 : 1, 2
Nats: “Dadi yen ana kasepku kowe bisa nyumurupi, uripe brayating Allah iku kudune kapriye, yaiku pasamuwane Gusti Allah kang asipat gesang, sesaka pikukuh lan dhasaring kayekten” (Ay.15)

Punapa kadewasan iman punika saged dipunukur? Punapa kawedasan iman punika saged dipuntingali? Tamtu kemawon saged. Pancen mboten wonten metodologi utawi rumus  ingkang kadamel ningali kadewasan iman. Ananging kadewasan iman punika mawujud wonten ing satengah lampah gesang. Wonten ing satengah tindak tanduk, sikap ngadhepi perkawis sisah bingah, pola pikir lan ing satengah sikap pasrawungan kaliyan tiyang sanes. Ing ngriku kadewasan iman saged katingal.

Serat Rasul Paulus dhateng Timotius punika mboten namung katujokaken mligi dhateng pribadhi Timotius kemawon, anaging ugi gegayutan kaliyan gesanging pasamuwan. Rasul Paulus ngengetaken bilih kathah sanget umatipun Gusti ingkang murtad (nebih saking Gusti) karana langkung pitados kaliyan piwulang-piwulang ingkang mblasar (1 Tim 4:1). Nanging Rasul Paulus pitados bilih pasamuwan saestu mangertos kados pundi anggenipun sami nglampahi pigesangan. Mboten namung ngendelaken kawontenanipun Rasul Paulus utawi Timotius, ananging mujudaken iman kapitadosan ingkang dewasa, ingkang mboten gampil ewah gingsir. Rasul Paulus nyebataken lampah gesang ingkang kados mekaten kanthi sebatan uripe brayating Allah. Lampah gesang ingkang mboten gumantung kaliyan pengarep sacara kamanungsan (rawuhipun Rasul Paulus), ananging gumantung kaliyan Gusti Allah piyambak ing satengah panuntuning Sabda Suci.

Dene sejatosipun, kathah sanget saking sikap, pola pikir kita ingkang sampun mujudaken kadewasan iman punika. Senajan ta ingkang lelados sanes pendhita tetap semangat anggenipun ngabekti. Senajan ta sedherek ingkang kapanggenan pangibadah brayat awis-awis tindak patuwenan, ananging kita tetep nuweni. Senajan ta ati perih mboten disapa, kita tetep belajar setya miwiti nyapa. [PKS]

Kadewasan iman iki mujudaken diri dadi panunggalane brayate Gusti Allah

Renungan Harian

Renungan Harian Anak