Kiyat Ngadepi Pacoben Renungan Harian 9 Agustus 2019

9 August 2019

Waosan  :  Lelakone Para Rasul  7 : 1 – 8     |   Pamuji  : KPJ 106 : 1, 2
Nats
: “…Sira lungaa saka ing tanahira lan saka ing sanak sadulurira sarta menyanga ing tanah,kang bakal Suntedahake marang sira.” (Ay. 3)

Kados pundi raosing manah panjenengan bilih panjenengan sampun tumindak bener nanging malah dipunfitnah tumindak awon? Temtu kemawon boten remen. Kita badhe ngupaya mbela kawontenan kita supados fitnah punika saged dipunbucal. Kasunyatanipun ing satengah-tengahing gesang kita, katah tiyang ingkang iri bilih wonten tiyang sanes berhasil, tiyang boten remen bilih sanesipun majeng. Karana punika asring tiyang ingkang tumindak gesangipun jujur, bener lan tanggel jawab katah –katahipun boten dipunremeni sesaminipun ingkang iri dateng piyampakipun.

Waosan wekdal punika nyariosaken Stefanus, salah setunggaling pinituwa pitu ingkang dipunadili ing ngajenging Pradata Agama Yahudi. Stefanus ingkang nindakaken karsanipun Gusti Yesus, martosaken Injiling Gusti srana pratandha mujizat, boten dipunremeni kaliyan tiyang Libertin. (Warganing pasamuan saking Kutha Kirene lan Aleksandria ingkang manggen ing Yerusalem). Tiyang Libertin nuduh lan beta Stefanus ing Pradataning Agama Yahudi kaliyan tuduhan piyambakipun nyenyamahi dhumateng Nabi Musa saha Gusti Allah. Ing ngriku lajeng Stefanus atur wangsulan kanthi nyariosaken kesaksian iman para Leluhuring bangsa Israel. Wiwit saking Rama Abraham, Yakub, Yusuf ngantos nabi Musa. Punapa saking paseksinipun Stefanus punika tiyang Yahudi pitados dateng Gusti Yesus? Boten. Pungkasanipun Stefanus dipunpejahi srana dipunbenturi watu. Stefanus dados martir inggih punika tiyang ingkang pejah karana nedhahaken kabeneran lan nindakaken pakaryaning Gusti.

Tuladha Stefanus punika saged ngiyataken kita ing satengah-tengahing gesang kita. Nalika kita ngadepi pacoben karana nedhahaken kabeneran utawi nindakaken pakaryanipun Gusti lajeng kita dipunkuya-kuya, boten dipunremeni tiyang sanes, sampun ngantos kita semplah. Kita kedah kiyat, tansah mandheng dateng Gusti, nyuwun pitulungan Gusti Yesus. Karana Gusti Yesus sampun prajanji dateng kita sedaya, sinten ingkang setya dumugi pati badhe nampi kratoning Allah. Mangga kita dados panderekipun Gusti ingkang kiyat ngadepi sedaya perkawis  gesang sarana pasrah sawetahipun gesang kita dateng Gusti. (AR)

“Sampun ajrih lan kuatos ngadepi pacoben awit Gusti Allah ngiyataken kita”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak