Bacaan : Lukas 12 : 22 – 31 | Pujian : KPJ. 123 : 1, 2
Nats: “… Aja padha sumelang ing bab uripmu, apa kang bakal kokpangan, lan aja sumelang ing bab awakmu, apa kang bakal koksandhang…” (Ayat 22)
Saben-saben wonten kadadosan bencana alam erupsi gunung berapi, gempa bumi, banjir, lan sanes-sanesipun, mesthi wonten pangemut saking pihak berwenang sae punika pemerintah ugi Pusat Vulkanologi dan Mitigasi Bencana Geologi (PVMBG) supados sadaya tiyang mboten perlu panik/kuwatir ananging tetap waspada. Kathah tiyang nggadahi pitakenan: punapa bentenipun antawis kuwatir lan waspada? Kok kados-kados kalih tembung punika sami kemawon? Malah-malah wonten ingkang nggandeng-cenengaken kalih tembung kalawau dados satunggal ukara kados mekaten: “raos waspada punika saged kalairaken karana wonten raos kuwatir/sumelang”.
Miturut Kamus Besar Bahasa Indonesia (KBBI):
- Kuwatir tegesipun : takut (gelisah, cemas) terhadap suatu hal yang belum diketahui dengan pasti
- Waspada tegesipun: berhati-hati dan berjaga-jaga; bersiap siaga
Bilih dipun galih langkung lebet, panegesan antawis tembung kuwatir/sumelang lan waspada saking KBBI wonten ing inggil punika, cetha sanget bilih kalih tembung kalawau mboten saged dipun paringi panegesan ingkang sami. Sejatosipun kekalihipun punika benten sanget. Kuatos punika langkung tumuju dhateng raos ajrih, gupuh lan paranoid ingkang boten limrah tumrap perkawis-perkawis piawon ingkang dereng tamtu kalampahan ing wekdal tembe. Ananging waspada punika langkung tumuju dhateng raos wicaksana lan ngati-ngati, karana sakwanci-wanci perkawis-perkawis piawon saged kemawon dumadak kedadosan.
Gusti Yesus nate paring dhawuh gegayutan kaliyan kadadosanipun jaman pungkasan punika boten wonten tiyang satunggal kemawon ingkang saged mangertosi. Pramila sadaya tiyang dipun kersakaken supados tansah melek lan waspada. Panjenenganipun nolak sanget kawontenan raos sumelang utawi kuatos punika nguwaosi umat kagunganipun. Raos sumelang punika namung dipun gadhahi dening tiyang ingkang boten nggadahi iman kapitadosan. Kajawi saking punika, raos sumelang ugi saged nglairaken tumindhak-tumindhak piala ingkang boten condhong kaliyan karsanipun Gusti, malah kathah-kathah raos sumelang punika saged ugi ndadosaken tiyang langkung tebih kaliyan Gustinipun. [OCEP]
Sumelang nglairaken nepsu lan piala, waspada nglairaken panggalih lan tumindhak kang wicaksana.