Waosan : Mateus 5 : 43 – 48 | Pamuji : KPJ 66 : 1, 2, 4
Nats : “…Mulane kowe padha sampurnaa, kaya Ramamu ing swarga iya sampurna.”(ayat 48)
“Kau begitu sempurna, Di mataku kau begitu indah. Kau membuat diriku akan slalu memujamu. Di setiap langkahku, Kukan slalu memikirkan dirimu, Tak bisa kubayangkan hidupku tanpa cintamu…”. Pitembangan punika kaparingan irah-irahan “Sempurna” ingkang dipun populer-aken dening salah satunggaling grup band kondang antawis taon 90-an, inggih punika Dewa 19. Bilih dipun raos-raosaken kanthi lebet, lirik saking tembang sempurna punika nggadahi makna ingkang ambigu (mbingungaken). Punapa wonten to, satunggal tiyang kemawon ingkang mapan wonten ing alam donya punika ingkang sampurna (boten nggadahi cacat babar pisan)? Tamtunipun boten wonten, mokal. Ananging miturut pamanggih kula, pitembangan punika boten nggadahi paneges bilih tiyang (kekasih) ingkang kasebat sampurna punika sampurna sacara kahananipun, ananging tiyang (kekasih) kalawau saged kasebat sampurna karana wonten katresnan ingkang sampurna ingkang boten mritungaken bab kakuranganipun sang kekasih.
Asring-asring tiyang ngginakaen tembung “ora ana wong sing sampurna”, (terkadang dipun tambahi: “manungsa iku panggonane luput”) kangge mlajeng saking tanggel jawab kalepatanipun, supados saged dipun maklumi dening tiyang sanes. Piyambakipun boten purun ngupadi nglampahi gesang ingkang langkung sae, ananging namung ndhelik kemawon wonten ing kakiranganipun. Pancen boten wonten tiyang satunggal kemawon ingkang sampurna ing alam donya punika, ananging tiyang tansah saged ngupadi dados tiyang ingkang sampurna.
Sampurna ingkang kasebat wonten ing waosan kitai punika (ay.48) gegayutan kaliyan tumindhak nresnani tiyang sanes. Sampun dados limrahipun bilih sadaya tiyang namung saged nresnani sedherek-sedherek ingkang nresnani piyambakipun. Lan mungsuhi tiyang-tiyang sanes ingkang mungsuhi piyambakipun. Katresnan ingkang kados mekaten, miturut Gusti katresnan ingkang dereng sampurna, namung katresnan ingkang LIMRAH/UMUM kemawon. Kita minangka pandherekipun Gusti dipun kersakaken supados sageda nuladha kasampurnanipun Gusti anggenipun nresnani tiyang sanes, boten ningali punapa tiyang punika nresnani kita punapa boten, ananging kwalitas katresnanipun ingkang dipun wujudaken kedah tetep katresnan ingkang sampurna. [OCEP]
“Tresna kang sampurna iku ora karana memales tur njaluk piwales”