Ayo Golek Bandha Kang Aji Renungan Harian 29 Juli 2019

29 July 2019

Waosan : Kolose 2 : 16 – 34 | Pamuji : KPJ 437 : 2
Nats : Marga saka iku yen kowe wis padha nderek katangèkaké bareng karo Kristus padha ngupayaa sabarang kang ana ing ngaluhur, yaiku papan pamanggèné Kristus kang lenggah ing satengené Allah. (kol.3:1)

Wonten unen-unen “urip iku mung mampir ngombe” unen-unen punika ngemu raos bilih gesangipun manungsa wonten alam donya punika namung sawetawis wekdal, wonten watesipun, lan mboten langgeng. Juru Masmur matur bilih laminipun gesangipun manungsa namung pitung dasa tahun, dene menawi kiyat wolung dasa tahun. (Jabur 90:10 ). Kanthi winatesipun wekdal peparingipun Gusti punika, sampun samesthinipun menawi kita ginakaken kesempatan kanthi sae, ingkang maedahi tumrap gesang kita lan sesami. Sampun ngantos punapa ingkang kita tindakaken punika nuwuhaken kapitunan tumrap diri pribadi lan sesami kita. Pancen nindakaken kasaenan tumrap sesami, saha pribadi punika mboten gampil, mbetahaken kesadharan diri, tanpa kesadharan tangeh lamun kasaenan katindakaken, pramila rasul Paulus paring pangatag-atag dhateng pasamuwan Kolose supados ngupaya sabarang ingkang wonten ing ngaluhur. (Kol.3:1). Kenging punapa kedah katindakaken?

  1. Karana pasamuwan punika sampun sinengker tinunggil kaliyan Kristus. (Kol.3:3) tegesipun pasamuwan mboten saged tumindak sapikajengipun piyambak, ananging kedah manut mituhu dhumateng karsanipun Gusti, nggih punika nindakaken katresnanipun dhumateng Gusti lan sesami kita.
  2. Awit pasamuwan punika sampun dipun tangekaken sesarengan kaliyan Gusti Yesus.(Kol.3:1-a), tegesipun ing gesangipun pasamuwan punika wonten kesadharan diri dumadosipun karana katresnanipun Gusti.
  3. Karana pasamuwan anggadahi kewajiban mulyaaken asmanipun Gusti, mboten kangge kamulyaning pribadinipun manungsa, sanadyan kita ugi nderek kamulyakaken.( Kol.3:4)

Adhedhasar pangandikanipun Gusti lumantar rasul Paulus pasamuwan nampi pangatag-atag, supados ngudi samubarang ingkang wonten ing ngaluhur lan mboten dipun reh bandha kadonyan, ananging ngudi bandha kang aji wonten pangrehipun Gusti Yesus, kados pangandikanipun : “ananging Kratoning Allah lan kasampurnane, iku padha upayanen dhisik, nuli samubarang iku mau kabeh bakal diparingake marang kowe.” (Matius 6:33). – (YK)

“Urip kang utama, mateni kang sempurna” (Wohing kabecikan wusananipun nampeni karahayon)

Renungan Harian

Renungan Harian Anak