Milih Ingkang Sae Renungan Harian 25 Juli 2019

25 July 2019

Waosan :  Lelakone Para Rasul  1 : 15 – 26    |   Pamuji : KPJ  115 : 1, 2
Nats:
“Dhuh, Gusti, Paduka ingkang nguningani manahipun sedaya tiyang, mugi karsaa paring pitedah, tiyang kalih punika pundi ingkang Paduka pilih, …” (Ay. 24)

Tanggal 17 April 2019 kepengker, bangsa Indonesia nindakaken Pemilihan Umum (Pemilu). Pemilu ing tahun punika dipunwastani pemilu serentak amargi kelampahaning pemilihan Presiden lan Wakil Presiden, anggota DPD, DPR RI, DPRD I lan DPRD II dipunpilih sareng ing dinten punika. Ingkang paling sederhana punika pemilihan Presiden lan Wakil Presiden karana namung wonten kalih calon. Senajan ketingal sederhana, punapa ingkang dados pilihan kita punika bakal nentuaken kawontenan bangsa lan negara Indonesia 5 tahun ing ngajeng. Temtunipun kita badhe milih Presiden lan Wakil Presiden, para wakil rakyat ingkang miturut pemanggih kita sae lan saged dipunpitados nindakaken pakaryanipun kangge kemajengan bangsa lan negara Indonesia.

Waosan kita ing wekdal punika, nyariosaken para sakabatipun Gusti Yesus ingkang sami milih sinten ingkang dados gantosipun Yudas Iskariot ingkang sampun nilar Gusti Yesus. Nalika semanten wonten 120 tiyang ingkang ngempal lan milih sinten gantosipun Yudas Iskariot.  Wonten kalih calon, inggih punika Barsabas lan Matias. Saderengipun milih, para sakabat sami dedonga dateng Gusti Allah, supados Gusti Allah piyambak ingkang  paring pangertosan sinten antawisipun tiyang kekalih punika ingkang dipunpilih. Pungkasanipun Matias kapilih dados rasul jangkepi sewelas rasul ingkang sampun wonten.

Ing salampahing gesang, wonten mawerni-werni pilihan ing ngajeng kita. Kita milih sambat punapa saos sokur? Kita milih nyambut damel kanthi semangat punapa aras-arasen? Kita milih purun dados majelis pasamuwan punapa boten? Sedaya punika gumantung kita piyambak. Karana punika dipunbetahaken kawicaksanan supados kita boten lepat nalika nentuaken pilihan kita. Langkung-langkung sedaya punapa ingkang badhe kita lampahi kedah dipunlandesi sarana pandonga. Kita masrahaken rancangan lan punapa ingkang dados pilihan kita punika ing astanipun Gusti Allah. Kita pitados dateng Gusti, karana punika kita nyuwun pangertosan saha kawicakcanan supados punapa ingkang kita pilih lan tindakaken ing gesang kita, sedayaipun sembada kaliyan karsanipun Gusti Allah. Pramila mangga kita sami milih tumindak gesang ingkang sae, milih pakaryan ingkang mbangun turut karsanipun Gusti. (AR)

“Gesang kanthi tresna-tinresnan punika pilihan gesang kula”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak