Adu Pracaya Kaliyan Setan! Renungan Harian 11 Juli 2019

11 July 2019

Waosan :  Yakobus 2 : 14 – 26    |   Pamuji : KPJ. 346a :  1, 3
Nats: “Kowe pracaya, manawa mung ana Gusti Allah siji? Iku becik. Nanging setan uga pracaya ing bab iku, banjur padha gumeter.“ [ay.19]

Jagad raya ingkang katitahaken dening Gusti Allah, pancen sampun jangkep kaliyan sedaya perangan ing salebetipun. Malah wonten pemanggih bilih ing alam donya punika, boten namung kapapanaken titah ingkang asipat mawujud utawi ingkang nggadhahi raga kemawon. Ananging wonten ugi ingkang boten saged katingal sarana netra kamanungsan. Lajeng awit kacingkrangan paningal manungsa punika, kaanggep bilih perangan kalawau boten sampurna. Mekaten ugi wonten pemanggih bilih perangan ingkang asipat alus punika lumebet golongan setan.

Sajroning pemanggih para tiyang Kristen, setan punika kagolong perangan ingkang awon. Sedaya ingkang dipun lampahi dening setan namung kangge tujuan ngrisak tatanan miwah kasaenan ing jagad punika. Satemah nalika wonten manungsa ingkang nggadhahi lelampahan gesang kang risak, inggih kawastanan “setan”. Ananging ing waosan kita sakmangke, cetha kaserat dening Yakobus, bilih sejatinipun setan ugi pracaya umpami jumeneng satunggal panguwaos ageng ing jagad raya, inggih punika Gusti Allah Kang Murbeng Dumadi. Mekaten ugi setan sami gumeter nalika mireng asma panguwaos jagad punika. Pramila Yakobus ngengetaken supados para tiyang pracaya ing alam donya punika sampun ngantos namung kendhat ing pracaya kemawon. Umpami sampun pracaya, lajeng boten nindakaken punapa-punapa kagem kasaenan gesang, tegesipun kualitas ingkang dipun gadhahi sami kemawon kados dene “setan”. Sanadyan ta gesang namung mendel boten ngrisak tatanan ugi boten ngajak sesatru tiyang sanes, sayektinipun gesang ingkang mekaten inggih gesang ingkang tanpa guna.

Iman ingkang kita gadhahi srana pracaya dhateng Gusti Allah, inggih iman ingkang prelu mawujud lumantar tumindak. Kanthi patrap mekaten kita saged kawastanan para mitraning Allah. Awit para mitra kang sejati boten badhe kendel, ananging nyambut damel! Para mitra kang satuhu ugi boten gampil karisak ing pracaya, ananging kalawan patut lan tumata nyantosakaken pracaya. (dh)

“Badan tanpa sukma iku mati, pracaya tanpa panggawe iku iya mati.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak