Waosan : 1 Yohanes 2 : 7 – 17 | Pamuji : KPJ 316
Nats : “Sing sapa tresna marang sadulure, iku kang lestari ana ing pepadhang, sarta ora dadi sandhungan.” (ayat 10)
Kathah tiyang sasedherek ingkang sami sengidsinengidan, sami cecongkrahan lan memengsahan. Wonten ugi ingkang ngantos paten-pinaten. Warniwarni jalaranipun sami sengid-sinengidan, cecongkrahan, memengsahan lan paten-pinaten. Kathah ingkang karana rebatan bandha warisan saking tiyang sepuh. Wonten ingkang karana satunggalipun katingal keminter lan sombong. Wonten ingkang karana satunggalipun wongsal-wangsul damel dosa lan piawon ngantos kinunjara temah mirangaken brayat agengipun. Wonten ingkang karana satunggalipun asring nyangsarakaken gesanging tiyang sepuhipun. Sesambetanipun sasedherek pedhot, temah pasedherekanipun dados “peteng”, dangu-dangu ngalami menapa ingkang dipun sebat “kepaten obor”.
Katresnan ing pasedherekan kedah kabangun. Kadosa pundi kawontenan lan tumindakipun, sedherek kedah tetep dipun tresnani, ngengeti sedaya sami tunggal dharah utawi tunggal turunan. Dados aneh, menawi tiyang sanes kita tresnani, nanging sedherek kita piyambak malah boten kita tresnani. Menawi kita saged nresnani tiyang sanes, kedahipun kita saged nresnani sedherek kita piyambak. Pancen wonten ingkang sasedherek menika benten ing watak lan tumindak. Ewasamanten, menika boten saged dados alesan boten tresna-tinresnan. Katresnan kita rak nggih kedah tumanduk dhateng sintena kemawon nadyan benten ing watak lan tumindak, malah nadyan benten keyakinan lan agami.
Menawi kita tresna dhateng sedherek, -kadhawuhaken ing waosan kita- kita tansah gesang ing pepadhang. Srana tresna-tinresnan, sawangsinawang, enget-ingengetaken, tuntun-tinuntun, kita saged nyumurupi patraping gesang ingkang leres lan prayogi, kita saged mapanaken dhiri kanthi trep ing sadhengah kawontenan. Srana mekaten gesang kita boten dados sandhungan tumrap tiyang sanes. Satingkah polah kita malah saged dados tuntunan tumrap tiyang sanes. Kanthi mekaten brayat ageng kita saged dados kamulyanipun Gusti saha dados berkah tumrap tiyang sanes. [st].
“Tresna marang wong liya kudu kabukten ing tresna marang sedulur.”