Waosan : Pangentasan 33 : 18 – 23 | Pamuji : KPJ 144
Nats : “Paduka mugi kersaa ngatingalaken kamulyan Paduka dhateng kawula!” [ayat 18]
Ing gesang, kita asring nggadahi kepinginan lan ndedonga supados saged pinanggih kalian tiyang ingkang terkenal utawi nomer satunggal ing negari kita utawi ing wilayah kita. Nalika kita saget pinanggih kita ngeraosaken kabingahan ingkang elok sanget.
Waosan kita ing ayat 18 menika paring piwucal dumateng bilih pandonganipun nabi Musa ngengetaken kita bilih kita kirang sanget tepang kalian Gusti. Gusti ingkang kita sembah menika Gusti ingkang maha Agung. Panyuwunipun Nabi Musa punika mboten dipun wujudaken ( dikabulkan ) Gusti karana esensi rawuhipun Gusti menika mboten saget dipun alami dening manungsa dosa. Pramila Gusti Allah ngandika dumateng nabi Musa, “Sira mesthi ora bisa tahan ndeleng pasuryaning Sun, awit ora ana manungsa kang ndeleng Ingsun bisa lestari urip”. (ay. 20). Gusti piyambak ingkang badhe ningalaken dirinipun dumateng nabi musa, ananging namung wikingipun Gusti mawon ingkang saget dipun tingali. Karana pasuryanipun Gusti mboten saget dipuntingali. Gusti Allah paring dawuh dumateng nabi Musa supados saget jumeneng ing inggilipun selo lajeng Gusti mlampah ing ngajengipun Nabi Musa, nalika Gusti lintang ing ngajengipun Nabi Musa, astanipun Gusti “melindungi “ nabi Musa saking sinar ingkang terang sanget ingkang saged ndadosaken paningalipun wuto.
Pengalaman punika saged mbantu kita supados kita mangertosi bilih sinau tepang kalian Gusti menika ewet sanget. Gusti Ingkang maha Agung, kasaeanipun ingkang murni, kapribadianipun elok sanget, matemah paningal kita ingkang mboten saget ningali menika karana dosa, mboten kiat mandeng Panjenganipun, lan kamulyanipun. Ing dinten menika manah kita dhipun kethuk supados saget langkung tepang kalian Gusti, langkung nresnani Gusti, lan saget sadar bilih kita menika dados umat ingkang katitahaken ringkih, kanthi penggalih ingkang mekaten kita badhe langkung tepang artos kawontenanipun Gusti wonten ing gesang kita, lan kita saget ngeraosaken bingah ing gesang kita karana Gusti wonten ing gesang kita.[Bu-Lek ]
“Gusti mboten ngabulaken sedaya panyuwun kita, ananging Gusti pirsa kebetahan kita“