Yen Kula Sumerep Margi Renungan Harian 31 Mei 2019

31 May 2019

Waosan : Pangentasan 33 : 12 – 17 | Pamuji : KPJ 198
Nats : “… panyuwun kawula mugi kawula kasumerepna dhateng ing pangreh Paduka, supados kawula sageda mangertos Paduka, supados kawula tetep nampeni sih-mirma wonten ing ngarsa Paduka.”[ayat 13b]

Pak Dudu mung bisa ngelus dhada, nyoba bisa sabar ngadhepi kahanan sing ora bisa di trimake. Rasane kaya peteng dhedet, nalika krungu anak lanang ontang-anting, Badu sing digadhang-gadhang nerusi warisan iman keluarga selak marang Gusti Yesus sarehne kepincut marang kenya ayu saka sabrang. Ora mung trima wirang marang sadulur lan pasamuwan, rasane ati perih kaya diiris-iris lan bingung kudu tumindhak kepriye? Anggone ngopeni lan nggulawentah anak lanang bab marginine Gusti wiwit mbaptiske nganti tumeka sidi kaya muspra. Sedhih banget nganti ora bisa mocap opo-opa kejaba nyebut asmane Gusti, nyuwun diparingi kekiyatan lan pepadhang

Iman menika perjuangan tanpa kendhat ngreksa sesambetan kaliyan Gusti Allah ingkang diraosaken cedhak/caket utawi kosokwangsulipun tebih lan mboten karaosaken kawontenanipun. Sae menika umat, mekaten ugi para abdinipun Gusti ngalami pasang surut sesambetanipun kaliyan Gusti. Mboten kaetang Nabi Musa ngalami lan nekseni pangeram-eramipun Gusti, pinaringan sih mirma ing ngarsanipun, ewasemanten piyambakipun ngraosaken dereng wanuh saestu dhumateng Panjenenganipun. Kanthi andhap asor Nabi Musa nyenyuwun supados dipun warahi margi (ayat 13), lan pangertosan dening Gusti Allah. Punapa malih sesampunipun kedadosan bangsa Israel nyembah pedhet emas, manahipun kalimputan kasedhihan lan geter kados pundi nasibe bangsa kinasih menika salajengipun ing pangadilanipun Gusti. Musa bisane ndedonga.

Manungsa mboten saged ngaling-alingi pepeteng atine : bingung, sedhih, pepes, nesu, ajrih, cuwa sedaya menika nggubel lan ndadosaken lumpuh. Ndedonga menika ingkang mungkin saged ditindakaken, katimbang mboten ndedonga lan pupus pangajeng-ajeng. Wondene menawi kita nyenyuwun supados Gusti ngetingalaken malih pratandha supados iman kita saged pulih, menika mboten ateges nyoba ananging kanthi dhasar pangaken bilih saestu winates pangertosan kita lan mboten jinajagan punapa ingkang dipun penggalih Gusti marang kita. Lan sadaya endah. [PAY]

“Gesang langgeng punika manawi tiyang sami wanuh kaliyan Paduka, Allah ingkang sajati piyambak, sarta dhateng Yesus Kristus utusan Paduka”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak