Kowe Aja Nangis Renungan Harian 9 Mei 2019

9 May 2019

Bacaan : Wahyu 5 : 1 – 10 ǀ Pamuji : KPK 125
Nats : “Kowe aja nangis! Lah, Sang Singa kang saka trah Yahuda, yaiku sogolane Sang Prabu Dawud, wus unggul, temah bisa ngudhari gulungan kitab iku lan ngletheki segele pitu”[ayat 5]

Ing satunggaling dinten kula tetuwi datheng salah satunggaling brayat warganing pasamuwan. Piyambakipun cariyos bilih gadah momotan ingkang awrat gegandengan kaliyan pepenginanipun putranipun. Putranipun kepengin badhe nglajengaken sekolahipun, nanging piyambakipun mboten kagungan beaya. Panyuwunipun kang putra, ndadosaken penggalih lan angen-angenipun tiyang sepuhipun tansaya awrat. Penggalihipun sampun buntu, kados pundi supados kang putra saged nglajengaken sekolah malih. Arto tabungan mboten gadah, banda wujuding siti inggih namung satancepipun griya. Sacara ekonomi para sederekipun ugi sami mawon. Dipun wastani sugih, mboten, kasebat mlarat ugi mboten. Cekap damel betah saben dintenipun. Lajeng, kados pundi kawula saged uwal saking momotan ingkang awrat punika lan sinten ingkang saged paring pitulungan datheng kula sabarayat?

Momotan ingkang awrat lan panangis ugi dipun alami dening abdinipun Gusti, Yokanan (Wahyu 1:1) wekdal nampi wangsit. “Aku tumuli nangis kelara-lara, marga ora ana kang tinemu sembada ngudhari utawa nyumurupi sisih jerone gulungan kitab” (ayat 4). Nemahi kawontenan ingkang kados mekaten, Gusti paring pandadar, “Kowe aja nangis! Lah Sang Singa kang saka trah Yahuda … bisa ngudhari” (ayat 5). Pangatag punika ngemu teges: Singa punika minangka pralambang Karajan ingkang ageng pangwasanipun. Ingkang dipun maksud singa saking trah Yahuda inggih punika Juruwilujeng ingkang asalipun saking suku Yahuda lan tedak turunipun prabu Dawud. Gelar ingkang kasandang dening Yesus minangka Sang Mesiah (Purwaning Dumadi 49:9-10) lan prabu kalanggengan selaras kaliyan pamecaning para nabi tumrap Dawud (Yes 11:1, 10).

Gusti Yesus, Singa saking trah Yahuda panguwasanipun ngedap-edapi tumrap umatipun. Panjenenganipun sampun masrahaken gesangipun minangka cempe sembelehan (ayat 6) murih kawilujenganing umat manungsa. Pramila ing kawontenan ingkang awrat, ing kaprihatosan, ing momotaning ingkang nempuh gesanging manungsa, pitutur peparingipun Gusti: “Kowe aja nangis”, Gusti Yesus tansah nganti. [@@@]

“A day of worry is more exhausting than a week of work” (Sir John Lubbock)

Renungan Harian

Renungan Harian Anak