Waosan : Wahyu 12 : 1 – 12 | Pamuji : KPJ 109 : 1 – 3
Nats : “Lan anggone padha ngalahake srana rahe Sang Cempe, lan srana tembunge paseksene” [ayat 11a]
Kathah tiyang sami tepang kaliyan jangka Jaya Baya ingkang salah satunggaling pupuhipun makaten: pancen wolak-waliking zaman amenangi jaman edan ora edan ora kumanan sing waras padha nggagas wong tani padha ditaleni wong dora padha ura-ura beja-bejane sing lali, isih beja kang eling lan waspadha
Perangan menika nyariosaken bab zaman edan. Ing zaman edan kahananipun mrihatosaken krana kathah bab ala lan klentu ingkang katindakaken dening manungsa. Ingkang leres kaanggep klentu, sami remen apus-apus lan anut grubyuk nindakaken bab ala. Ing zaman ingkang makaten, manungsa dipunengetaken kedah tansah eling lan waspada. Tembung “eling“ lan “waspada“ menika dados tembung ingkang wigati lan asring dipunangge pangeling-eling supados manungsa gesang ing donya kanthi kebak ing pangati-ati.
Nalika Gusti ngutus malaekat nglantaraken dhawuh kangge umat lumantar rasul Yokanan, pasamuwan-pasamuwan ing Asia-Alit gesangipun awrat. Pasamuwan dipunkuya-kuya lan dipunancam dening panguwaos. Pasamuwan ngalami gesang ingkang awrat, kathah pambengan lan kathah sandhungan. Nanging lumantar simbol-simbol ingkang boten gampil langsung dipunmangertosi, Gusti paring dhawuh bilih ing gesang ingkang sanget awratipun menika, badhe wonten pangluwaran lan kakiyatan krana rahipun Kristus, Sang Cempe, lan tembung paseksi. Menika pangajengajeng kangge tiyang pitados. Sanadyanta kasunyatan gesangipun manungsa ing ngalam donya badhe tetep awrat amargi si panggugat, inggih menika Iblis dipunpapanake ing donya lan kepengen nyilakani manungsa, nanging Gusti tansah paring kakiyatan.
Gesang ing ngalam donya menika nyata gesang ingkang kathah tantangan, pambengan, godha, lan rencana ingkang sedya ndhawahaken lan ngrisak gesang kita. Tiyang pitados kedah kebak ing pangati-ati. Eling lan waspada menika pepenget ingkang leres kangge tiyang pitados. Menawi tiyang pitados eling/sadhar jati diri dados kagunganipun Sang Kristus lan waspada ing samukawis bab, tamtu badhe kiyat ngadhepi gesang, sedya nyebaraken paseksi bab Sang Kristus, Juru Wilujeng. [dn]
”Urip Iku Urup!”