Iman Durung Mesthi Aman Renungan Harian 9 April 2019

9 April 2019

 Waosan : 1 Yokhanan 2 : 18 – 27 | Pamuji : KPJ 188
Nats : “Asale Anti-Kristus iku pancen saka ing antara kita, nanging sanyatane padha dudu panunggalan kita; awit saupama temen-temen dadia panunggalan kita, mesthi padha tetep nunggal karo kita.” [ayat 19]

Punapa warga pasamuwan ingkang mirudha (murtad) saking keyakinan Kristen naminipun kedah dipun coret saking buku kewargaan gereja? Inggih, menika laras kaliyan Pranata GKJW bab Penggembalaan Khusus (Tata dan Pranata GKJW p.187). Ewasemanten sakderengipun ditindakaken pradhataning pasamuwan langkung rumiyin “merdi” dhateng sadherek ingkang nilar marginipun Gusti : murugi, ngengetaken, lan nenuntun supados ingkang nindakaken kalepatan saged nelangsani lan mratobat (Mat 18: 15-20; 1 Kor 5:3-5). Ngantos wekdal punapa anggenipun merdi? Penjelasan Pranata nyebataken landesanipun tetepan pradhataning pasamuwan, prayoginipun mboten langkung antawis tigang tahun (Penjelasan Bab III Pasal 6).

Tiyang Kristen ingkang dhawah ing dosa lan nilar keyakinan menika mrihatosaken Gusti, damel susahing brayat lan pasamuwan. Punapa tiyang menika taksih saged dislametaken? Saged, menawi Gusti mbikak manahipun lan tiyang menika mratobat. Artosipun tiyang menika ngakeni khilaf lan nelangsani dosanipun, purun dituntun ing pertobatan dening pradhataning pasamuwan. Contonipun : Prabu Dawud mbetahaken wekdal setahun nembe saged ngakeni dosanipun kaliyan Betsyeba, sesampunipun diengetaken dening Nabi Nathan (2 Sam 12:13). Wonten ing cariyos Injil Gusti Yesus pirsa Petrus menika calon tiyang murtad, karana sihipun dhateng Petrus didongakaken supados mboten kecalan imanipun (Luk 22:31). Kabukten nalika Petrus selak marang Gusti, piyambakipun lajeng kemutan dhawuhipun Gusti lan nggetuni.

Pinisepuh Yohanes mastani tiyang m irudha (murtad) menika anti Kristus, utusan Iblis. Kawit mula gelengan menika mboten gadha iman sing bener lan sejatinipun mboten kalebet panunggalanipun umat Gusti sinaosa gesangipun ing antaraning umat (ayat 19). Gelengan menika mangertos bab kayekten ananging mboten gesang ing sajroning kayektosan punika. Warganing pasamuwan supados awas marang pamulang mblasare lan ditemen anggone tetunggilan kaliyan Gusti sumbering kayektosan sejati. Tumrap tiyang ingkang murtad lan nyenyamah Gusti lan umatipun supadosa tiyang menika dipasrahake marang Iblis supados kapok, kados Rasul Paulus masrahaken Himeneus lan Aleksander (1 Tim 1:18-20). [PAY]

“Lan kowe, manawa wis mratobat, sadulur-sadulurmu padha santosakna”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak