Waosan : Yohanes 12 : 1 – 8 | Pamuji : KPJ 202
Nats : “…nanging Aku ora selawase ana ing antaramu.” [ayat 8b]
Sedinten muput Anton ngresiki griya. Kamar bapakipun ingkang dangu mboten dipunagem ugi diresiki, ing pojokan kamar wonten meja alit kang sampun dipuntata, jangkep kopi, lemper lan onde-onde, ugi mbako lintingan cemepak. Miturut Anton sedaya punika karemenanipun bapakipun nalika taksih sugeng. Lan nyiapaken dhaharan unjukan sakubarampenipun minangka wujud katresnan ugi kangge nebus anggenipun rumaos salah Anton tumrap bapakipun. Awit nalika taksih sugeng, Anton asring mbalela nilar pituturipun bapakipun.
Mengeti lan nindakaken napa ingkang dados karemenan tiyang ingkang kita tresnani ingkang sampun tilar donya punika sanes bab ingkang klentu. Ananging langkung aji menawi katresnan punika kita wujudaken nalika sesarengan gesang ing donya. Mirengaken, nggatosaken, nindakaken babbab ingkang ngremenaken tiyang ingkang kita tresnani, ndadosaken gesang punika aji kangge tiyang ingkang kita tresani ugi kangge kita.
Punika ingkang saweg dipuntindakaken dening Maryam nalika njebadi sukunipun Gusti Yesus ngangge lenga wangi lajeng dipunusap ngangge rikmanipun Maryam. Maryam saweg ngraosaken wekdalipun Gusti Yesus rawuh ing satengah-tengahing griyanipun lan gesangipun Maryam. Punika ugi nedahaken kados pundi Maryam ngajeni Gusti Yesus kanthi saestu. Gusti Yesus dipunpapanaken ing panggenan ingkang luhur, wonten ing sakdhuwuring sirahing Maryam, sarta nggangge bab ingkang paling aji lan wangi. Katresnan ingkang mekaten dipuntampi dening Gusti, lan dipundadosaken pacawisan kangge dinten pepisahan nalika Gusti Yesus seda. Katresnan ingkang mekaten mboten saged kagantos menapa kemawon nalika sampun seda.
Pramila, menawi kita nresani sesami kita, kedah kita tindakaken sacara nyata nalika kita lan sesami kita taksih gesang. Awit mboten wonten ajinipun lan namung dados raos kuciwa menawi kita tindakaken nalika sesami ingkang kita tresnani sampun tinimbalan. Mekaten ugi katresnan kita dhumateng Gusti, kedah katindakake sakpunika kanthi saestu nalika kita gesang, supados mboten wonten raos kuciwa ing tembe wingking, nglaha mboten wonten ajinipun. [fani]
“Tresna iku kudu dilakoni saiki. Nek sesuk iso dadi gela, nek wingi mung dadi crita.”