Padha Tampanana lan Ajenana Sesami Renungan Harian 5 April 2019

5 April 2019

Waosan : Filipi 2 : 25 – 3 : 1a | Pamuji : KPJ 352 : 1 – 3
Nats : “Mulane tampanana ana ing patunggilaning Gusti kalawan sarupaning kabungahan lan wong kaya mangkono iku padha ajenana” [ayat 29]

“Judul renungan iki lucu, yo mbok? Kaya pas Pak Pendeta ngedumne roti utawa anggur nalika Bujono Suci kae.” Aturne anak wedok marang simbok kang lagi maca renungan. “Ngene ya nduk, ing kabudayan Jawi ana sesanti ‘Aruh, Gupuh, Rengkuh, Lungguh, Suguh’. Sesanti kuwi mbarengi awake dewe nampa dhayoh. Opo maneh yen dhayohe kuwi sedulur sing diangen-angen lan wong kang diajeni” Dhawuhe simbok wiwit nerangake.

Sesanti Jawi wau, cundhuk kaliyan Rasul Paulus, “Mulane tampanana … lan padha ajenana!” Pasamuwan Filipi diajak nampi Epafroditus ing salebeting patunggilanipun Gusti. Awit lelampahanipun nalika ngalami sakit lan saged mantun saged dados paseksi bab kaluhurane Gusti lan kedah dipunsebar ing pasamuwan Filipi. Mboten mandeg namung Epafroditus, nanging saben tiyang ingkang sami-sami nampi berkahipun Gusti, kedah dipuntampi lan dipunajeni.

Nampi lan ngajeni menika perkawis wigati ingkang kedah kita wujudaken minangka tiyang pitados. Gusti Yesus sampun langkung rumiyin nampi kita ning salebeting pangruwating dosa. Kanthi kurban Sarira lan Rahipun ing Golgota, kita pinaringan gesang enggal. Mila, Epafroditus, Rasul Paulus, dalah kita sedaya menika ugi sami sampun nampi pakaryan katresnanipun Gusti. Kanthi mekaten, saben manungsa menika ugi gadhahi kesempatan dados sarana pakaryanipun Gusti. Mila kita kedah saged nampi lan ngajeni tumrap sinten kemawon. Lajeng kita saged nggiyaraken perkawis kabingahan kang nembe kita tampi.
“Lha ngene ya nduk, sedela engaas awake dewe bakal ndherek Bujono Suci Paskah. Lha pancen saben wong percaya kuwi kudu isa nampa roti lan anggur kanthi legawaning manah. Padha karo Gusti Yesus wes nampa awake dewe. Lan awake dewe kudu mujudaken urip sesrawungan, kang padha nampani lan ngajeni marang liyan.” Simbok mungkasi. [jarwi]

“Aruh, Gupuh, Rengkuh, Lungguh, lan Suguha ing Katresnane Gusti”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak