Waosan : Lukas 9 : 10 – 17 | Pamuji : KPJ 141
Nats : “Para sakabat padha ngestokake dhawuh mau, kabeh wong dikon linggih. Gusti Yesus nuli mundhut roti lan iwak loh loro mau, banjur tumenga ing langit, tumuli paring berkah lan sawise mangkono rotine banjur dicuwil-cuwil diparingake marang para sakabat supaya diratakake marang wong akeh” [ayat 15-16]
Tembung menika asring kita pirengaken. Tembung menika nggadhahi makna ingkang lebet. Ingkang estu dados sarana panglipur kangge manungsa mliginipun ingkang saweg ngraosaken kawontenan ingkang mboten sae. Lumantar tembung “Gusti mboten sare”, kita ugi dipun ajak ngraosaken bilih Gusti kagungan kuwaos ingkang ageng sanget kagem nedahaken bilih Panjenenganipun makarya lan nunggil ing gesang manungsa. Kathah cara ingkang kaagem dening Panjenenganipun kagem mujudaken pitulungan lan makaryanipun kangge gesang manungsa.
Waosan kita ing dinten menika nyriosaken agenging katresnan ingkang tansah dipun paringaken Gusti tumrap para pandherekipun. Gusti tansah nggatosaken menapa ingkang dados kabetahaning manungsa. Lumantar waosan kita, wonten sakperangan pasinaon ingkang saged kita gatosaken: 1. Ojo sumelang bab uripmu, Gusti ora sare. Gusti nguningani menapa ingkang kita betahaken. Dados pandherekipun kedah nggadhahi kapitadosan bilih Gusti mesthi paring pitulungan tumrap gesang kita. Ingkang kedah kita lampahi minangka pandherekipun inggih menika tansah rumaket, tuwuh ngasilaken wohing gesang ingkang sae lan ngabdi dhumateng Panjenenganipun kanthi temen. 2. Gusti nimbali para sakabat, nuwuhaken raos prihatos ing manah para sakabat lan ngiyataken para sekabat masrahaken menapa ingkang dipun gadhahi supados kaagem dening Gusti mujudaken pakaryanipun. “Namung menika Gusti”, aturipun para sakabat, mbok menawi kados mekaten ugi wangsulan kita dhumateng Gusti. Nanging sampun sumelang, Gusti saged ngagem ingkang sekedhik, ingkang alit kagem mujudaken pakaryan ingkang ageng. Sampun eman..ampun “medhit”..kados Gusti nimbali para sekabat, sakmenika Gusti ugi nimbali kita mujudaken pakaryanipun. Pramila mangga kita aturaken menapa ingkang saged kita aturaken, Gusti nyampurnakaken miturut karsanipun. [dh]
“Kawula mboten sumelang lan kawula cumadhang dados rencang damel Paduka ingkang sembada”