Waosan : Wilangan 13 : 17 – 27 | Pamuji : KPK 34
Nats : “Kandhané marang Musa, “Kula sampun nliti tanah menika lan sumerep, bilih sitinipun loh saèstu, lan menika wujudipun woh-wohan ingkang saking ngrika.” [ayat 27]
Wonten ing zaman punika, kathah stasiun televisi ingkang nayangaken reality show kang ngusung konsep ndungkap kanyatan. Tamtunipun sanes perkawis ingkang gampil lan mbetahaken wekdal ingkang mboten sekedhap. Para telik sandi dipunbetahaken kangge sami pados bukti, tanpa dimangertosi dening ingkang saweg dipuntliti. Perkawis kala wau dipuntindakaken kanthi maksud badhe mbuktekaken pasanganipun punika goroh punapa mboten.
Waosan kita dinten punika nyariosaken lumampahing bangsa Israel tumuju tanah prajanji, tanah Kenaan. Rombongan ageng bangsa Israel sampun dumugi pasamunan Paran. Wonten mrika, Gusti Allah ngendhika dhumateng nabi Musa supados nabi Musa milih tiyang-tiyang saking talering bangsa Israel ingkang saged dipundadosaken telik kangge ningali kahananipun tanah Kenaan. Para telik menika nyambut damel 40 dinten. Lajeng kados pundi asilipun para telik anggenipun nliti kahananipun tanah Kenaan? Asilipun, sami nekseni bilih tanah Kenaan menika tanah ingkang kebak ing susu lan madu, gemah ripah loh jinawi (ayat 27). Menika mratandhani bilih anggenipun Gusti paring prajanji boten ewah gingsir. Wiwit jamanipun Rama Abraham, janjinipun Gusti dhumateng bangsa Israel tansah dipuntetepi.
Lumebet wonten minggu Pra Paskah IV, sumangga kita sami ngraosaken bilih sedanipun lan wungunipun Gusti Yesus minangka bukti katresnanipun dhumateng manungsa kang mboten wonten watesipun. Janji Gusti Allah tan owah gingsir. Panuntunipun nyata tumrap bangsa Israel, makaten ugi tumrap gesang kita, kados pundi kemawon kahanan kita. Gusti Allah tansah ngirid lampah gesang kita. Janji kawilujengan ugi dipuntetepi tumrap bangsa Israel kanthi pangluwaran saking pangawulan bangsa Mesir. Kawilujengan punika ugi sampun kita tampi saking Gusti Yesus. Sumangga kita sami saged ngginakaken wekdal punika kanthi tetep setya lan mituhu dhumateng karsanipun Gusti. [Ita]]
“Prajanjinipun Gusti Allah tan owah gingsir ing saben wekdal”