Sinau Saka Pengalaman : Aja Nganti Tiba! Renungan Harian 19 Maret 2019

19 March 2019

Waosan : I Korinta 10 : 1 – 13 | Nyanyian : KPJ 350
Nats : “Mulane sing sapa rumangsa ngadeg jejeg, dingati-ati aja nganti tiba!” [ayat 12]

Nalika nglampahi proses vikariat ing griya sakit, kula mangertosi bilih wonten satunggal perawat ingkang maringi gelang warna kuning ing tanganipun pasien. Lan kula nyuwun pirsa, “Kok gelangipun warna kuning?” Lajeng perawat paring wangsulan, “Warna kuning punika nedahaken bilih kahanan pasien punika kagungan resiko saged dhawah – pramila sae saking pasien ugi saking brayat kautus tansah waspada lan ngati-ati supados mboten dhawah”Griya sakit maringi tetenger kaliyan gelang warna kuning punika mbok bilih sampun wonten pengalaman saking pasien ingkang nate dhawah.

Seratan I Kor. 10:12 ugi ngemutaken bab sinau saking pengalaman. Pasamuwan Korinta kadhawuhan waspada lan ngati-ati supados anggenipun rumaket kaliyan Gusti mboten ngantos dhawah. Paulus medhar dhawuh punika lumantar cariyos saking para leluhur bangsa Israel. Sanadyan sampun nampeni babaring berkahe Gusti (ay.1- 2), para leluhur taksih asring lumampah nebih saking timbalaning Gusti kanthi nyembah brahala, laku jina, nyoba marang Gusti, manah ingkang kebag grundelan. Bab-bab punika ingkang ndadosaken para leluhur nampeni paukumaning Gusti.

Paulus kanthi wicaksana ngraosaken lampahing leluhur punika minangka piwucal kagem gesanging para pandherekipun Gusti. Mliginipun ingkang wonten ing pasamuwan Korinta – supados saestu tansah ngati-ati lan waspada. Kahanan gesang ingkang sarwa binerkahan kados ing pasamuwan Korinta saged ugi dados lantaran pasamuwan kesupen kaliyan Gusti.

Mangsa Pra-Paskah punika estu saged dados lantaran para pandherekipun Gusti sinau nliti gesang. Gesang ingkang sarwa binerkahan, ingkang kebag pangayoman, ingkang ngraosaken kabingahan sampun ngantos ndadosaken para pandherekipun Gusti uwal lan kesupen kaliyan Sumbering Gesang.

Lampahing pengalaman saking para leluhuring Israel estu saged dados lantaran kita para pandherekipun Gusti tansah ngati-ati lan waspada. Kanthi andhap-asoring manah gesang punika estu tansaya rumaket kaliyan Gusti ingkang dados Juru Wilujeng ingkang sejati. [gus]

“Kawicaksanan iku kapirsanan lumantar gelem ndeleng lan sinau lampahing gesang”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak