Watuk Akeh Tambane, Yen Watek? Renungan Harian 15 Februari 2019

15 February 2019

Waosan : Yeremia 13 : 20 – 27 | Pamuji : KPJ 136
Nats : “Wong Cemani apa bisa salin kulit? Utawa macan tutul mbuwang tutule? Yen bisa, kowe sing seneng gawe dosa, iya bisa gawe becik” [ayat 23]

Saben tiyang, tuwa-muda, jaler-estri, tamtu nate ngalami sakit watuk. Sanadyan kalebet penyakit limrah ananging menawi mboten enggal dipun padosaken tamba nggih saged njalari bobot suda. Tambanipun punapa? Saben tiyang saged benten-benten. Wonten ingkang cocok ngunjuk obat dokter, wonten ingkang mamah kencur, ngunjuk jeruk ditambah kecap, blimbing wuluh kalih gula batu, lsp. Saking ngriku kita saged manggihi bilih sakit sacara jasmani ingkang kagambaraken kadosta sakit watuk, nyatanipun saged kasarasaken mawi mawarni-warni margi.

Ananging kados pundi klayan watek? Watek punika sipating manungsa, wonten ingkang mastani punika ‘gawan bayi’. Wonten tiyang ingkang watakipun welas asih, sabar, drana, lsp. Kosok wangsulipun wonten ugi ingkang kaku, medhit, grusa-grusu, lsp. Punapa watek saged dipun owahi?

Punika ingkang dipun soroti dening nabi Yeremia ing waosan dinten punika. Saking pengalaman gesang sesarengan klayan Bangsa Israel, Yeremia manggihi bilih watek awon ingkang tansah dipun gondheli, badhe boten gampil ewah (Ay.23). Wusananipun, watek ingkang awon punika mbeta dhumawah ing paukumaning dosa.

Saking waosan menika kita saged nyinau bilih paukuman ingkang katampi dening bangsa Israel sanes karana Gusti Allah, ananging karana watek lan tumindakipun piyambak: “Yen kowe arep ngerti apa sebabe kowe nandhang sangsara, kuwi merga saka pialamusingwissundhullangit”(ay22).

Tumindak awon ingkang dipun lampahi njalari Bangsa Israel nggadhahi mengsah lan gesang kebak ing kasisahan. Mboten wonten ingkang purun paring pambiyantu.

Krana watekipun, tiyang nggadhahi sipat benten-benten. Ananging, sampun ngantos watek ingkang awon nguwaosi gesang kita lan ndadosaken kita dhumawah ing dosa. Kosok wangsulipun swawi kita tansah mbikak manah kita supados dhawuhing Gusti dados panuntun ing gesang kita. Satemah minangka pandhereke Gusti wonten ewah-ewahan ing sipat lan tumindak kita. [Why]

“Watek angel tambanane, nanging pangwaosing Gusti Allah tamtu saged ngowahi gesang kita”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak