Sapa Tekun Golek Teken, Bakal Tekan! Renungan Harian 18 Desember 2018

18 December 2018

Waosan : Lelakone Para Rasul 28 : 23 – 31  |  Pamuji : KPJ 448 : 1 – 3
Nats: “….. martakake Kratoning Allah lan mulang bab Gusti Yesus Kristus kalawan tatag …..” [ayat 31]

Rasul Paulus ngabaraken bab Kratoning Allah lan bab Gusti Yesus kanthi tatag. Tatag menika tegesipun tanpa duwe uwas sumelang. Rasul Paulus menika tatag, sebab senadyan dipun kunjara ananging tetep makarya, ndamel serat isi pangatag bab iman kangge para tiyang pitados ing Efesus, Kolose, lan Filipi, sarta serat pribadi kangge Filemon. Kangge saged tetep sesambetan kaliyan sesamining pitados, Rasul Paulus ugi purun nampi patuwenanipun Lukas, Timoteus, Tikhikus, Epafrodhitus, lan Markus  (II Tim.4:11; Fil.1:1; 4:18; Kol.1:1; 4:10; Ef.6:21). Paulus martosaken Injil lan dados saksinipun ing saindhenging kekuasaan Roma (Fil.1:13) lan nglimputi sedaya tiyang pitados ing kitha Rum. Rasul Paulus dipun agem minangka pirantos kangge sumebaripun Injil, ngantos dumugi pusating perdagangan lan pemerintahan, sarta ing wusananipun dumugi ing saindhenging ndonya.

Tekenipun Rasul Paulus menika menapa, koq ngantos saged tatag anggenipun makarya? Paulus mucal dhateng bangsa Yahudi bab isining iman kapitadosanipun, inggih menika bab Gusti Yesus ingkang dados Sang Mesih (Mesias), ingkang rawuh njangkepi isi prajanjianipun Allah ing Prajanjian Lami. Pakaryanipun Rasul Paulus, kalajengaken dening para rasul ingkang ugi nindakaken maneka warni mujizat lan para martir ingkang rila masrahaken nyawanipun (Petrus, Stefanus, Yakobus, Paulus).

Kita, warga GKJW ugi kaparingan kesempatan, nindakaken tugas, lan kewajiban adi menika! Ing satengahing masyarakat Jawi, wonten nasehat ingkang mekaten: ‘Sapa tekun golek teken, bakal tekan’. Nasehat menika ngemu teges bilih manungsa menika winates, kathah perkawis ingkang mboten saged dipun tindakaken piyambak tanpa pitulunganipun utawi bantuwanipun sesami. Teken menika rak alat bantu kangge tiyang mlampah, khususipun kangge tiyang ingkang sampun sepuh utawi tiyang ingkang sakit. Kanthi teken, senadyan alon lan tertatih-tatih, piyambakaipun badhe saged terus mlampah nuju cita-cita lan tujuwan gesangipun. Amin. [Esha]

“Pracaya, Sang Sabda, lan karahayon iku kabeh mau tekenku”.

Renungan Harian

Renungan Harian Anak