Bahasa Ibu Renungan Harian 24 November 2018

24 November 2018

Waosan : Yokhanan 3 : 31 – 36  |  Pujian: KPJ 359 : 1, 3
Nats: “Kang rawuhe saka ing ngaluhur iku ngungkuli sakabehe, kang pinangkane saka ing bumi iku iya saka ing bumi, lan celathune iya nganggo basa ing bumi. …..“[ayat 31]

Salah satunggaling video nggambaraken pakempalan tiyang saking mawarni-warni suku bangsa. Satunggal baka satunggal dipundangu asal usulipun lan kasuwun nyebataken bangsa pundi ingkang mboten dipunremeni. Sedaya sami paring wangsulan kados ingkang dipunmangertosi saking tedhak turunipun lan nyebataken bangsa-bangsa ingkang mboten dipunremeni kanthi maneka warni alasanipun. Sasampunipun sedaya sami ndherek test genetika.

Ingkang ngeramaken saking test punika, kathah ingkang nembe mangertos bilih tedhak turunipun saking papan panggenan ingkang tebih sanget. Malah ugi wonten ingkang tedhak turunipun saking suku bangsa ingkang mboten dipunremeni. Test punika badhe nggigah saben tiyang supados mboten kesupen kaliyan asal-usulipun sarta saged langkung ngajeni tumrap suku bangsa ing donya punika.

Waosan kita dinten punika wujud paseksinipun Yokanan bab Gusti Yesus. Yokanan negesaken bilih pancen Gusti Yesus punika kang kautus dening Sang Rama. Mila punapa kemawon ingkang katindakaken dening Gusti Yesus punika sumbering saking swarga. Yokanan paring paseksi bilih Gusti Yesus punika pribadhi saking ngaluhur, sanes saking donya punika. Gusti Yesus punika Sang Mesih.

Saking reraosan punika kita kaemutaken malih bab asal usul kita. Gusti Allah akarya jagad kanthi mawarni-warni kaelokan bab suku bangsa. Sapunika wonten gerakan kembali ke bahasa ibu. Bahasa ibu inggih punika basa wiwitan ingkang dipunginaaken wiwit lahir ingkang dipunserap dening anak saking lingkunganipun. Bahasa ibu dados bahasa komunikasi ingkang langkung gampil dipunserap sarta ngemu makna ingkang lebet, salah satunggalipun bab budi pekerti ingkang luhur. Basa jawi contonipun. Ing basa jawi, kita saged sinau bab tata krama, ajen-ingajenan (unggah-ungguh). Mangga mboten waleh-waleh nyinau bahasa ibu, supados kita mboten dados tiyang asing ing bumi kita piyambak. [PKS]

“kacang mangsa tinggal lanjaran”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak