Bacaan : Markus 12 : 28 – 34 | Pujian: KPJ 114
Nats: “Pancen, tresna dhateng Allah kalawan gumolonging manah, kalawan gumolonging pengertosan, tuwin kalawan gumolonging kakiyatan,punapa dene nresnani sasami kados dhateng awakipun piyambak, punika langkung utami katimbang sakathahing kurban obaran lan kurban sanesipun” [ayat 33]
Bunda Theresa nate dhawuh bilih kathah kasangsaran ingkang kalampahan ing donya menika karana mboten wonten katresnan ing salebeting donya. Mboten wonten lan mboten nggadhahi katresnan ndadosaken manungsa mboten nggadhahi raos urmat dhumateng sesaminipun. Tanpa katresnan, manungsa namung nguber perkawis ingkang “nyaman”kangge dhirinipun piyambak. Sampun kathah kedadosan ingkang mujudaken kawontenan kados mekaten ing sak kiwa – tengen kita.
Ing donya ingkang ngorong katresnan, Injil Markus nedahaken satunggal piwucal ingkang dipun paringaken Gusti Yesus dhateng para ahli Toret lan tiyang-tiyang Saduki. Manungsa saged nyelak kaliyan swarga lan ngraosaken kawontenan sae (kawontenan swarga) bilih sedaya manungsa saged mujudaken katresnan ingkang mboten basa-basi. Katresnan ingkang temen (ayat 30-31) sanes katresnan ingkang namung kaungel nanging katresnan ingkang katindakaken nyata lair lan batos. Katresnan dhateng sinten? Dhateng Gusti Allah ingkang nyumrambah kanthi tresna dhateng dhiri lan sesami. Dhawuhipun Gusti menika kasebat Syema ingkang ngemu teges piwucal ingkang kedah tansah dipun pirengaken, dipun enget lan dipun lampahi ing salamining gesang.
Tresna dhateng Gusti Allah ndadosaken manungsa mangertosi sinten dhirinipun, inggih menika titahipun Gusti ingkang kedah nresnani lan ngabdi dhumateng Sang Juru Titah kanthi estu. Tresna dhateng dhiri ngemu teges nampi kawontenan dhiri kanthi wetah, purun ”berdamai” kaliyan sedaya kaluwihan lan kekirangan sarta ngajeni dhiri kanthi njagi kasucening gesang. Katresnan ingkang temen dhumateng Gusti Allah lan dhiri piyambak nyagedaken manungsa nresnani sesaminipun kanthi leres. Tegesipun ngajeni kawontenan sesami minangka titahipun Gusti Allah ingkang ugi kedah dipun jagi, dipun rimati lan dipun ajeni kawontenanipun. Sumangga lumantar dhawuh menika kita niti priksa lajeng ngiyataken katresnan kita dhumateng Gusti Allah, sesami lan dhiri kita. [dh]
“Kraton swarga estu kawujud bilih sedaya manungsa mbudidaya katresnan ingkang temen lan mboten basa-basi”