Nyowanake Bocah Renungan Harian 7 Oktober 2018

7 October 2018

Waosan : Markus 10 : 1 – 16  |  Pamuji : KPJ 297
Nats: “Wong-wong banjur padha nyowanake bocah-bocah cilik menyang ngarsane Yesus…” [ayat 13]

Rikala anak-anak panjenengan ingkang lenggah ing sekolah TK utawi SD mangkat dhateng sekolah, punapa dipun dherekaken? Menawi sami wangsul saking sekolah punapa ugi dipun susul? Ndherekaken anak-anak sekolah dipunlampahi wanci injing lan ing wanci siang nyusul dhateng sekolah.  Perkawis punika asring dipun lampahi dening para tiyang sepuh ingkang kagungan anak-anak ingkang saweg sekolah ing TK utawi SD. Wonten ugi para tiyang sepuh ingkang sami nenggani ing sekolahan ngantos anak-anak rampung anggenipun sinau. Tamtunipun wonten perkawis ingkang sae menawi kita saged ndherekaken anak-anak dhateng sekolah lan nyusul menawi wangsul. Kita saged celak kaliyan anak-anak lan ugi mujudaken salah satunggaling raos peduli kita dhateng pendidikan anak-anak, salintunipun ing bab biaya ingkang dipun betahaken.

Menawi kita saged nderekaken anak-anak mangkat lan nyusul dhateng sekolah, punapa kita ugi saged nglampahi perkawis ingkang sami, rikala anak-anak kita dhateng greja? Sae punika pangabekti anak ing dinten minggu, katekisasi, lan ugi kegiatan greja sanesipun. Ing waosan kita dinten punika kita sami mangertosi wontenipun para tiyang ingkang sami nyowanaken anak-anak dhateng Gusti Yesus. “Wong-wong banjur padha nyowanake bocah-bocah cilik menyang ngarsane Yesus…” (ayat 13). Saking punapa ingkang dipun lampahi para tiyang punika, kita saged mangertosi wontenipun semangat ndherekaken anak-anak sowan dhateng Gusti Yesus minangka wujuding raos peduli ing bab karohanenipun anak-anak, inggih punika tepang lan nampeni berkah saking Gusti Yesus. Ndherekaken anak-anak sowan dhateng Gusti Yesus, mboten namung rikala nyowanaken lan masrahaken anak-anak dhateng Gusti nalika baptis kemawon, nanging ugi rikala anak-anak ndherek kegiatan greja, sae punika pangabekti anak ing dinten minggu, katekisasi lan ugi kegiatan-kegiatan greja sanesipun. Mangga kita tansah semangat nyowanaken anak-anak dhateng Gusti Yesus. Amin.[SWT]

“Gusti karsa nampi lare kang sowan”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak