Waosan: Yehezkiel 19 : 10 – 14 | Pujian: KPJ. 368 : 1, 2
Nats: “Yaiki kidung pangadhuh lan banjur wus dadi kidung pangadhuh.” (Ayat 14b)
Kapemimpinan punika prekawis sesambetan kaliyan mbangun gesang sesarengan lan ngarahaken dhateng pundi sadaya badhe tumuju. Nalika pemimpin nindakaken kasaenan tamtu badhe kalampahan prekawis ingkang ngremenaken. Kosokwangsulipun nalika pemimpin punika nindakaken prekawis ingkang mboten sae, punika saged dadosaken prekawis ing drawasi lan ngrisak. Pangajeng-ajeng kita sami nalika badhe milih pemimpining bangsa, kita mboten kepencut dhateng gebyaripun calon pemimpin punika, nanging kita perlu mangertos calon pemimpining bangsa ingkang estu saged mbangun pagesangan ingkang sae alandesan Pancasila.
Waosan kita dinten punika saged dados pepenget kangge kita. Kacariosaken Yeheskiel rumaos prihatos ningali kawontenanipun para pemimpining bangsa Israel kala semanten. Kaprihatosanipun Yeheskiel punika dipun gambaraken kanthi tetaneman wit anggur ing pakebonan anggur ingkang mestinipun sampun tuwuh pang-pangipun, kiyat, lan saged dados tekening kraton, nanging wit anggur punika alum lan risak, lajeng kabucal ing ara-ara samun. Punika gambaran kawontenanipun para pemimpin Israel, inggih punika Raja Yoahas ingkang tumindak jahat lan wantun nglawan dhumateng Gusti Allah srana nyembah brahala. Tigang wulan mimpin bangsa Israel, raja Yoahas pejah lan dipun gantos Yoyakhim. Yoyakhim anggenipun mimpin Bangsa Israel ugi ndadosaken pasulayan lan nglawan dhumateng Gusti, wusananipun Yoyakhim kabucal dhateng Mesir, tigang wulan lajeng pejah. Piyambakipun dipun gantos kalian Yoyakhin. Yoyakhin ugi dados pemimpin ingkang mboten ajrih dhumateng Gusti Allah lan ndadosaken bangsa Israel kabucal dhateng Mesir (2 Babad 36:6-9). Prekawis punika ingkang ndadosaken Yehezkiel prihatos. Wonten ayat 14, Yehezkiel medharaken sabda: “Yaiki kidung pangadhuh lan banjur wus dadi kidung pangadhuh.”
Cecawis kita badhe lumebet pemilu kangge milih pemimpin bangsa Indosesia. Reraosan kita punika saged dados salah satunggaling pepenget kangge kita. Anggen kita milih pemimpin bangsa, sagedta kita milih pemimpin ingkang mangertos kawontenanipun bangsa Indonesia, ingkang ngarahaken dhateng masyarakat adil lan makmur alandesan Pancasila. Pemimpin ingkang saged dados tuladha lan mboten namung mikiraken kabetahan gesangipun utawi golonganipun piyambak. Sumangga kita milih pemimpining bangsa kanthi wicaksana, milih pemimpin ingkang saged ndadosaken karukunaning sadaya agami, suku lan kabudayan kelampahan wonten ing bumi Indonesia punika. Amin. [SIN].
“Rukun agawe santosa, sayuk rukun bebarengan mbangun praja.”