Isuk Dele Sore Tempe Pancaran Air Hidup 9 Mei 2023

9 May 2023

Waosan: Lelakone Para Rasul 7 : 44 – 56 ǀ Pamuji: KPJ. 133 : 1, 2
Nats:… sampeyan sampun sami tampi angger-angger Toret, ingkang dipun paringaken lumantar para malaekat, nanging sami boten sampeyan tetepi.” (Ayat 53)

Wonten paribasan “Isuk dele sore tempe”, paribasan punika asring dipun agem kangge gambaraken tiyang ingkang pangucap kaliyan tumindakipun boten sami. Utawi gambaraken tiyang ingkang asring nyelaki janjinipun dhateng tiyang sanes. Contonipun: Nalika sidi, anak-anak sidi janji tansah setya dhumeteng Gusti lan ndherek lelados ing pasamuwan, ananging sasampunipun sidhi, wonten ingkang arang-arang ngabekti dhateng greja, saben-saben dipun suwun ngladosi pangabekti pemuda, piyambakipun selak kanthi alesan taksih ngrampungaken tugas kuliah, lsp.

Waosan kita ing dinten punika nyariosaken Stefanus ingkang dipun adili wonten ngarsanipun Pradata Agami Yahudi. Ing ngriku Stefanus ngaturaken panjawabipun kanthi nyariosaken sejarahipun bangsa Israel wiwit saking Rama Abraham ngantos Prabu Suleman. Piyambakipun nyekseni kados pundi anggenipun Gusti Allah makarya lan ngreksa umatipun Israel, nanging asring umat Israel punika tumindak duraka lan boten setya dhumateng Gusti Allah. Pungkasanipun umat Israel dipun bucal dhateng Babil. Cariyos sejarahipun bangsa Israel punika dipun agem Stefanus kangge gambaraken tumindakipun para imam lan ahli Toret ingkang ngadili piyambakipun. Para imam lan ahli Toret punika sami mangertos isining kitab Toret punika, nanging emanipun para imam lan ahli Toret punika boten netepi punapa ingkang dados karsanipun Gusti Allah ingkang wonten kitab Toret punika.

Kawontenan para imam lan ahli Toret bilih kita gatosaken ugi wonten salebeting gesang kita sadinten-dinten. Kathah tiyang Kristen ingkang janji setya dhumateng Gusti sarta janji ndherek lelados ing pasamuwan, kasunyatanipun piyambakipun asring blenjani janjinipun. Punika dados pepenget kangge kita para umatipun Gusti, sampun ngantos kita punika kados paribasan “Isuk dele sore tempe”. Mangga kita sami ngladi manah kita piyambak-piyambak, “Sepinten anggenipun kita sampun setya lan netepi janji kita dhumateng Gusti?” Kados dene Stefanus ingkang netepi janji setyanipun dumugi pati, mangga kita netepi janji kita srana nindakaken timbalanipun Gusti, tansah setya ngabekti lan mbangun turut ing karsanipun Gusti. Kanthi mekaten gesang kita namung mujudaken kasaenan lan kasetyan dhumateng Gusti. Amin. [AR].

“Mantepa ing janji, tumindaka kanthi setya, lan ngabektia marang Gusti”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak