Waosan: Rum 2 : 12 – 16 | Pamuji: KPJ. 441
Nats: “Manawa bangsa-bangsa liya kang ora nduweni angger-anggering Toret marga saka prentuling atine dhewe nglakoni apa kang kamot ing angger-anggering Toret, wong-wong iku mau kang dadi angger-anggering Toret tumrap awake dhewe…..” (Ayat 14)
Bab nyumerepi lan nglampahi punika prekawis ingkang benten. Sacara biologis, bab pangertosan lan keputusan manungsa punika dipun proses ing sajroning perangan otak. Satemah, kita saged nyumerepi bab punapa ingkang leres lan sae, nanging dereng tamtu kita purun lan saged nglampahi bab punika ing sajroning pigesangan kita. Sadaya punika saged kadadosan amargi kathah prekawis sanes ingkang paring pengaruh tumraping kita manungsa nalika nemtokaken punapa ingkang dados laku pigesangan.
Waosan kita ing dinten punika paring pepenget ing bab punika. Para pandherekipun Gusti ing kutha Rum nggadhahi pergumulan bab sinten ingkang langkung sae lan leres ing ngarsanipun Gusti? Punapa tiyang ingkang nggadhahi angger-angger Toret punika langkung sae tinimbang bangsa sanes? Ningali kahanan ingkang mekaten, Rasul Paulus paring pepenget kanthi wicaksana. Piyambakipun nedahaken bilih ingkang utami punika sanes bab sinten ingkang nggadhahi angger-angger Toret utawi mboten, nanging bab sinten ingkang purun nglampahi angger-angger punika ing sajroning gesangipun. Sadaya bangsa, Yahudi utawi non-Yahudi ajinipun sami ing ngarsanipun Gusti Allah, ingkang dados pambeda inggih punika sinten ingkang setya tuhu purun lan saged nglampahi punapa ingkang dados karsanipun Gusti ing laku gesang padintenanipun.
Asring ing satengahing pigesangan kita, kita sampun nyumerepi punapa ingkang dados karsanipun Gusti. Kita ugi sampun mangertosi maneka werna angger-angger ingkang dados katetepaning Gusti. Kita tansah nyinaoni bab punapa kemawon ingkang leres lan sae. Nanging asring sacara kamanungsan, kita nggadhahi maneka werna panimbang, kawinatesan kakiyatan, karingkihan ing maneka werna kahanan, satemah kita dereng saged nglampahi laku gesang ingkang cunduk kaliyan karsanipun Gusti punika. Waosan kita ing dinten punika, paring pangatag dhateng kita sami supados kita netepi karsanipun Gusti. Mangga ing kahanan ingkang mbingahaken utawi kahanan ingkang awrat, kita tansah setya tuhu paring kautaman bab nglampahi angger-anggeripun Gusti ing maneka werna laku pigesangan kita. Amin. [xie].
“Wong jujur tulus ing lampah, tansah rinoban berkah.”