Waosan: Purwaning Dumadi 35 : 1 – 15 │ Pamuji: KPJ. 87 : 1, 2
Nats: “Pangandikane Gusti Allah marang Yakub mangkene: ‘Jenengira Yakub, wiwit saiki sira wus aja jeneng Yakub maneh, nanging Israel, iku dadia jenengira.’ Mangkono anggone Gusti Allah netepake jenenge Israel.” (Ayat 10)
Kanggenipun tiyang Jawi, nami punika minangka pandonga lan pangajeng-ajengipun tiyang sepuh kangge anaknipun. Pramila nalika anak punika lair, tiyang sepuh sampun nyawisaken nami ingkang sae kangge piyambakipun. Wonten anak ingkang dipun paringi nami tokoh saking Kitab Suci, karana ing pandonga lan pangajeng-ajengipun tiyang sepuh, anak punika saged nuladha lan kagungan watak lan sifat, kados tokoh kitab suci punika. Saking pentingipun nami punika, ing tradisi Jawi, wonten tradisi gantos nami ingkang dipun tandhani srana “slametan jenang abang.” Tradisi punika dipun tindakaken nalika nami lair anak punika dipun gantos kaliyan nami ingkang enggal. Contonipun anak ingkang waunipun naminipun Ani dipun gantos Rahayu, Ribut dipun gantos Unggul. Pengajeng-ajengipun tiyang sepuh supados anakipun ingkang waunipun asring sakit-sakiten saged sehat, anak ingkang waunipun ngalami musibah saged luwar saking musibah sanesipun.
Waosan ing wekdal punika nyariosaken Yakub ingkang pinanggih Gusti Allah ing Betel kaping kalihipun. Sak derengipun Yakub sampun nate pinanggih Gusti Allah ing Betel, ing pundi Yakub menang nglawan malaikatipun Gusti. Yakub janji tansah ngabekti dan manembah namung dhateng Gusti, Yakub dipun berkahi Gusti. Nanging ing lampah gesang selajengipun, Yakub kesupen kaliyan janjinipun punika. Piyambakipun lan brayatipun taksih manembah dhateng brahala. Pramila Gusti Allah nimbali Yakub supados tindak dhateng Betel saperlu mbangun mezbah kagem manembah malih dhumateng Gusti. Yakub sadar bilih piyambakipun sampun nebih lan tumindak dosa ing ngarsanipun Gusti. Lajeng Yakub ngajak sedaya anggota brayatipun dhateng Betel. Sedaya brayatipun kasuwun bucal sedaya rupi-rupi brahala ing badanipun, wujud nyuceni diri ing ngarsanipun Gusti. Ing Betel punika, Gusti Allah netepi janji-Nipun dhateng Yakub. Nami Yakub dipun gantos Israel. Wiwit ing dinten punika sarana nami Israel, gesangipun Yakub ewah, piyambakipun lan brayatipun langkung setya lan tresna namung dhumateng Gusti.
Saking nami punika wonten pandonga lan pangajeng-ajeng tiyang sepuh dhateng kita. Pramila nami punapa kemawon ingkang dipun paringaken tiyang sepuh dhateng kita, kedah kita sukuri. Mangga kita nindakaken gesang ingkang sae, gesang ingkang maedahi kangge sesami kita, awit saking nami kita punika tuwuh berkah saking Gusti. Amin. [AR].
“Saking nami ingkang sae punika, wonten pandonga lan pengajeng-ajeng ingkang sae ugi.”