Tanggon ing Pacoban Pancaran Air Hidup 9 Februari 2023

9 February 2023

Waosan: Yakobus 1 : 12 – 18 │ Pamuji: KPJ. 111 : 1, 2
Nats:Rahayu wong kang tanggon sajrone kena ing panyoba, jalaran manawa wis katitik tanggon, bakal nampani makuthaning kauripan, kang wis kaprasetyakake dening Gusti Allah marang wong kang padha tresna ing Panjenengane.” (Ayat 12)

Nalika kita tumbas kendaraan, biasanipun wonten sticker kanthi tulisan QC (Quality Control). Tegesipun kendaraan punika sampun lulus uji kelayakan saking pabrik. Kita mangertosi supados kendaraan punika saged dipun ginaaken lan layak dipun sade, kedah nglangkungi maneka werni tes, wiwit tes bahan, tes mesin, tes kaamanan, tes, katahanan, lan sanesipun. Sedaya punika dipun tindakaken, supados kendaraan punika nyaman lan aman dipun damel.

Yakobus paring pepenget dhateng kalih welas suku ing tanah manca supados tanggon anggenipun ngadepi pacoban. Awit saking tanggon ing pacoban punika, para pitados badhe kanugrahan gesang langgeng ingkang sampun kaprasetyaaken Gusti Allah. Yakobus nyebataken bilih pacoban punika sejatosipun pinangkanipun saking pepenginanipun manungsa piyambak. Manungsa ingkang boten saged ngendaleni dhirinipun piyambak, ingkang dawah ing hawa nepsunipun piyambak. Karana punika, Yakobus mastani rahayu dhateng para tiyang pitados ingkang tanggon ing pacoban. Pungkasanipun, Yakobus ngengetaken supados para tiyang pitados punika boten kesasar, boten tumindak blasar, lan boten nebih saking Gusti. Para tiyang pitados kedah gesang miturut karsanipun Gusti, inggih punika gesang ing pepadhang lan gesang srana nindakaken kayekten. Saking tumindak gesang punika para pitados badhe kanugrahan makuthaning kauripan.

Bilih kita gatosaken gesang kita sadinten-dinten, anggenipun kita gesang punika boten lepat saking pacoban, sae ingkang saking lebet lan sakjawinipun dhiri kita. Gusti Allah lumantar serat Yakobus dinten punika ngengetaken kita supados tanggon ngadepi pacoban. Karana punika kita kedah langkung rumaket dhumateng Gusti, kita tansah nyuwun kakiyatan dan kasagedan kangge ngadepi sedaya pacoban punika. Awit kita pitados, pacoban-pacoban ingkang kita alami punika boten nlangkungi kakiyatan kita. Mangga kita sami dados umat ingkang tanggon ing pacoban. Amin. [AR].

“Gusti Allah iku setya tuhu, ora bakal negakake kowe kacoba ngluwuhi saka ing kakuwatanmu.”
(1 Kor. 13:13b)

Renungan Harian

Renungan Harian Anak