Kandhanana! Pancaran Air Hidup 9 April 2023

9 April 2023

Waosan: Matius 28 : 1 – 10 ǀ Pamuji : KPJ. 267 : 1, 2
Nats:Gusti Yesus tumuli ngandika: “Aja padha wedi. Padha balia, sadulur-sadulur-Ku padha kandhanana, supaya padha menyang ing Galilea, ana ing kana bakal padha ndeleng Aku.” (Ayat 10)

Dinten punika dinten Paskah, dinten wungunipun Gusti Yesus. Gusti Yesus sampun wungu, Gusti Yesus gesang malih saking antawisipun tiyang pejah. Tamtu pawartos punika dados pawartos ingkang bingahaken kangge kita sadaya para umat kagunganipun Gusti. Sarana wungunipun Gusti Yesus, kita kaparingan janji lan pengajeng-ajeng bilih kita ingkang setya dhumateng Gusti Yesus badhe nampi sih rahmat lan kawilujengan saking Gusti. Pramila dinten Paskah punika dinten ingkang bingahaken, dinten ingkang kebak saos sokur awit Gusti Allah sampun makarya lan nedahaken sih katresnanipun dhateng kita.

Kacariosaken ing waosan kita, Maryam Magdalena kaliyan Maryam sanesipun tindak dhateng pasareanipun Gusti Yesus ing wekdal enjing sanget. Kekalihipun kepanggih malaekating Gusti Allah ingkang martosaken bilih Gusti Yesus sampun wungu saking antawispun tiyang pejah. Malaekat punika ugi mrintah kekalihipun supados enggal wangsul manggihi para sakabat sarta kedah martosaken bilih Gusti Yesus sampun wungu lan badhe ngatingal dhateng para sakabat ing Galilea. Kakalihipun enggal lumampah kanthi rikat kangge martosaken kabar bingah punika. Lajeng Gusti Yesus ngatingal dhateng kekalihipun sarta ngandika kados ingkang dipun aturaken malaekatipun Allah kalawau. Gusti Yesus ngersakaken Maryam Magdalena ugi Maryam sanesipun martosaken dhateng para sakabat bilih Panjenenganipun sampun wungu lan kersa ngatingal dhateng para sakabat ing Galilea.

Kangge kita, Paskah punika kedahipun kita boten namung ngraosaken kabingahan lan sukarena kemawon, nanging Paskah punika sarana kangge kita dados saksinipun Gusti Yesus. Kita kaprintah dening Gusti kangge martosaken pawartos rahayu punika. Mekaten ugi Paskah punika dadosaken kita langkung kiyat, semangat, setya, lan bekti dhumateng Gusti. Sumangga kanthi manah ingkang kebak sukabingah kita sumadya martosaken pawartos wungunipun Gusti Yesus dhateng sinten kemawon tiyang ing satengahing gesang kita. Awit Gusti Yesus piyambak ingkang ngendika, “sadulur-sadulur-Ku padha kandhanana”. Sugeng riyadin Paskah. Mugi sih rahmat lan berkahipun Gusti tumrah dhateng kita sadaya. Amin. [AR].

“Padha kandhanana kabeh para sadulurmu bilih Gusti Yesus wungu, Gusti Yesus gesang!”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak