Waosan: Markus 12 : 38 – 44 ǀ Pamuji: KPJ. 161 : 1
Nats: “…. amarga kabeh padha misungsung saka ing kaluwihane, dene randha iki nyaosake saka ing kakurangane, malah kabeh kang dadi duweke, yaiku kabeh kang minangka panguripane.” (Ayat 44).
Nalika kula alit wonten pamong ingkang matur, “Anak-anak yen misungsung duit kuwi aja sampek tangan kiwa weruh yen tangan tengen misungsung.” Lajeng arta punika, kula gegem kanthi raket ngangge tangan tengen. Punika pemanggih kula nalika kebaktian minggu. Misungsung punika raket kaliyan pakulinaning tiyang Kristen. Gusti Yesus piyambak paring tuladha lan sikap anggenipun ngaturaken pisungsung, inggih punika saged misungsungaken sedaya kawontenan dhiri kagem kamulyaning Gusti Allah. Punapa kemawon ingkang kasebat pisungsung? Sejatosipun mboten namung arta, ananging saged arupi barang, pamikiran, kasagedan, katrampilan lsp. Sedaya punika wujud pisungsung ingkang endah nalika kita estu-estu misungsungaken sacara utuh kagem kamulyaning Gusti.
Waosan kita punika nggambaraken sikaping manungsa (tiyang sugih lan randha mlarat) nalika ngaturaken pisungsung kagem Gusti:
- Tiyang sugih sami misungsungaken arta ingkang kathah, anggenipun misungsung dipun katonaken dhateng tiyang sanes bilih piyambakipun misungsung katah.
- Kosokwangsulipun, randha mlarat punika misungsungaken saduwit inggih punika arta kangge gesangipun, klayan manah ingkang tulus. Kahananipun ingkang ringkih lan rekaos sacara sosial lan fisik, mboten ndadosaken pambengan kangge piyambakipun ngaturaken pisungsung kagem Gusti.
Pisungsung sejatosipun sarana kita saos sokur karana Gusti Allah sampun mberkahi kita. Nalika kita ngaturaken pisungsung kagem Gusti, kedah kita landesi kaliyan sikap ingkang leres. Sampun ngantos budaya misungsung punika maknanipun gumunggung supados saged dipun tingali dene tiyang kathah, sanes wujud saos syukur. Budaya misungsung ingkang sae lan prayogi punika, kita misungsungaken kanthi kebak saos sokur dhumateng Gusti Allah ingkang sampun mberkahi ing salebething gesang kita, sanes gumunggung krana kekiyatan lan kasagedan kita piyambak. Amin. [dea].
“Kaluwihan ndadosaken manungsa gumunggung, ananging ing kekiranganipun ndadosaken manungsa saged saos sokur.”