Prioritas ingkang Utami Pancaran Air Hidup 7 April 2022

7 April 2022

Waosan: Ibrani 2 : 1 – 9 ǀ Pamuji: KPJ. 202 : 1
Nats:
“Marga saka iku kita kudu luwih tliti anggon kita nggatekake apa kang wus kita rungu, supaya kita ora kentir katut ilining banyu.” (Ayat 1).

Prioritas miturut KBBI punika tegesipun yang didahulukan dan diutamakan daripada yang lain. Pitakenan kangge kita sadaya: “Punapa prioritas kita minangka umat kagunganipun Gusti?” Kita minangka manungsa, sampun dipun berkahi Gusti akal-budi lan pikiran supados gesang ingkang kita lampahi punika, gesang ingkang cunduk kaliyan karsanipun Gusti Allah, inggih punika mbabaraken kawilujengan kangge sadaya makhluk lan mboten ndadosaken gesang ingkang muspra. Prioritas kita inggih punika nglampahi lan mbabaraken Injil Suci ingkang dados sumbering gesang kita. Langkung sekeca kita mbabaraken Injil nalika kita sampun nglampahi gesang miturut Injil. Sak sisi sanesipun, kathah tugas lan tanggeljawab ugi kathah maneka warni pilihan, ananging bilih kita pirsa punapa prioritas kita punika, sadaya punika saged ndadosaken lampah gesang kita ayem tentrem.  

Lumantar waosan kita wekdal punika, kita dipunengetaken, dados pandherekipun Gusti Yesus punika kedah langkung tliti lan nggatosaken sabdanipun Gusti, supados kita boten kentir katut ilining banyu (ayat 1). Karana ing jaman teknologi lan informasi punika kathah sanget piwucal ingkang kadosipun sami ananging tujuanipun benten. Contohipun: tiyang ingkang rumaos bilih ingkang dados punjer lan sesembahanipun punika Gusti Yesus, ing kasunyatanipun piyambakipun langkung ngunggulaken diri kamanungsanipun kangge kabetahan kadonyan sacara pribadi. Bilih mekaten, saestu kita kaajak langkung tliti kadosdene saringan ingkang fungsinipun milah-milah punapa ingkang sae lan mboten sae, punapa ingkang migunani lan punapa ingkang kedah dipun bucal.

Kita pitados bilih Gusti Yesus sampun ngurbanken Sariranipun, kangge kawilujengan sadaya makhluk titahipun. Lumantar Rah lan Sariranipun Gusti Yesus punika nedahaken wujuding prioritas ingkang dipun lampahi kangge umat-Ipun. Ing wulan Pra Paskah punika, sumangga kita niti pirsa gesang kita piyambak, punapa ingkang dados prioritas salebeting gesang kita? Tamtunipun ingkang utami kita nggadahi prioritas kangge nggatosaken lan mbabaraken kawilujengan peparingipun Gusti Yesus lumantar Injil Suci. Amin. [dea].

“Aja semaya mbabaraken Injil, Gusti sampun milujengaken kita.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak