Waosan : Wilangan 11 : 16 – 23 | Pamuji : KPJ 293 :1, 2
Nats: “… Roh kang ana ing sira iku bakal salong Sunpundhut, Sundunungake ing wong-wong mau, banjur bakal padha ngrewangi sira mikul tanggungjawab tumrap bangsa iku, supaya aja sira pikul dhewe.” (Ay. 17)
Ing tahun 2018, pasamuan – pasamuan sa-GKJW sami nindakaken dauran pinitua lan diaken. Dauran punika katindakaken supados lampahing pasamuan saged katata kanthi sae. Wonten regenerasi kangge pinitua lan diaken. Ingkang sampun tigang daur lereh rumiyin, ngaturi kesempatan kangge warga sanesipun kangge nindakaken tugas peladosan ing pasamuan. Pangajeng-ajengipun sarana dauran pinitua lan diaken punika, para warganing pasamuan sami gadhah tanggel jawab ing peladosan wiwit saking pasamuwan, daerah ngantos Majelis Agung. Sedaya saged lumampah sae lan lancar awit para pinitua lan diaken ingkang nindakaken tugas peladosanipun kanthi tanggel jawab lan semangat.
Nabi Musa anggenipun mimpin bangsa Israel rumaos kawratan. Gusti Allah lajeng ngendikan supados Nabi Musa ngempalaken 70 pinituaning bangsa Israel. Sedaya sami kaaturan jumeneng ing ngajenging Tarub Suci. Ing ngriku Gusti Allah mendhet sebagian Roh ingkang wonten Musa lan dipundunungaken dateng 70 pinituaning bangsa Israel punika. Selajengipun Gusti Allah ngendikan bilih para pinitua punika ingkang dados rencang damel Musa anggenipun nindakaken tanggel jawab mimpin bangsa Israel. Sedaya tugas dipun ayahi sesarengan. Wonten rencang damel kagem makarya nuntun bangsa Israel lumebet ing tanah Kanaan.
Ing pasamuan, Pandita boten piyambakan anggenipun nindakaken tugas peladosanipun. Wonten rencang damel kangge makarya ing pasamuan inggih punika Guru Injil, Pinitua, Diaken, Pangrigen kelompok / wilayah, panitia, lan para warga pasamuan. Sedaya sami gadhah tugas lan tanggel jawab kangge mbangun pasamuan. Dipun betahaken tekad, semangat lan raos patunggilan kangge mujudaken pasamuan ingkang mandiri. Setunggal lan sanesipun sami gotong royong, donga dinonga sarta gadhah motivasi ingkang leres.Karana menika mangga minangka para pelados, kita nindakaken tanggel jawab kita kanthi tulusing manah. Gusti Allah ingkang sampun miji lan ngagem kita bakal paring kakiyatan lan kasagedan dhateng kita. (AR).
“Setya tuhu ing peladosan minangka tanggeljawab kita dateng Gusti”