Tumindak Becik Aja Mung Karana Dilirik Pancaran Air Hidup 5 November 2023

5 November 2023

Waosan: Mateus 23 : 1 – 12 | Pamuji: KPJ. 367
Nats: “Sing sapa dadi gedhe ana ing satengahmu iku dadia paladenmu.” (Ayat 11)

Panitia Kespel: “Prelu kawuningan bilih ing salebeting wulan kesaksian lan pelayanan punika, pasamuwan badhe ngawontenaken donor-darah, punika dados salah satunggaling wujud timbalan leladi minangka seksi.”
Pak Lamis: “Namung donor darah kemawon? Kedahipun nggih mboten! Prelu bakti sosial dhateng griya-griya panti, nuweni warga-warga ingkang kesrakatan lan sekeng, gerakan peduli lingkungan, pemeriksaan kesehatan kagem para adiyuswa.”
Panitia Kespel: “Wah sae punika pak, saged tansaya manteb anggen kita ngraosaken lan nglampahi timbalan leladi minangka seksinipun Gusti.”
Pak Lamis: “Sae sanget, menawi kepareng mangke babagan donor darah dipun pandhegani dening Pak Matius, bakti sosial dening Pak Markus, babagan tetuwi dening Ibu Maria, gerakan peduli lingkungan dening Pak Yakobus, pemeriksaan kesehatan dening ibu Marta.”
Panitia Kespel: “Lha njenengan mangke ndherek wonten ing pundi?”
Pak Lamis: “Kula tak nyawang kemawon.”

Mateus 23:1-12 nedahaken dhawuhipun Gusti Yesus sesambetan kaliyan lampah gesangipun para Farisi lan ahli Toret ingkang namung winates ing lathi, nanging mboten kalampahan kanthi gemati! Gusti Yesus paring dhawuh:

  1. Saestu netepi punapa ingkang dados piwucaling para Farisi lan ahli Toret, awit sadaya puwucalipun punika sae. Bab punika saged kapirsanan nalika para tiyang kalawau sami lenggah ing palenggahanipun Nabi Musa. Tiyang ingkang saged lenggah ing palenggahaning Musa saged kawastanan tiyang ingkang kagungan piwucal-piwucal ingkang adi.
  2. Laku gesang kita sampun ngantos memper kaliyan para Farisi lan ahli Toret punika, awit para tiyang kalawau lamis! Sadaya ingkang dipun lampahi namung tumuju kangge kapentinganipun pribadi. Sadaya piwucal ingkang kababar namung saperlu kangge nampeni pangalembananing dhiri. Bab punika kawujud nalika para tiyang kalawau mboten nglampahi punapa ingkang dados piwucalipun lan sadaya kalawau namung winates ing babagan tetembungan kemawon.
  3. Minangka tiyang pitados, kita dipun utus nglampahi gesang ingkang ngener kaliyan punapa ingkang dados patuladhanipun Gusti Yesus, kebak andhap asor lan kersa mujudaken tetembungan ingkang sae lan kawujud kanthi tumindak ingkang nyata.

Mangga kita mirsani dhiri! Punapa lampah gesang kita sampun nyata kapirsanan, punapa namung umuk ing tetembungan kemawon? Amin. [gus].

“Nylarasake ati, lathi, nglampahi kanthi teliti lan gemati.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak