Owalah!… Ya Nasibmu Pancaran Air Hidup 5 Juni 2020

5 June 2020

Waosan :  Ayub 38 : 11 – 21 |  Pamuji  :  KPJ. 178A
Nats
: “Dhawuh-Ku, ‘Iki watesmu, aja ngliwati wates iki! …” (Ay. 11)

Apa iku tegese nasib, takdir utawi keberuntungan? Ing tata umum katelu-telune dimangerti kanthi jumbuh, telu-telune dimangerti pada bae. Ananging ana keterangan kang jlentrehke telu-telune kuwi beda, mangkene;  (1) Nasib kuwi ngemu pangerten upa-dayaning manungsa ngrengkuh sukses, nanging sukses oraning kuwi ditemtukake dening kekuatane dan panggagasing manungsa kuwi. (2) Takdir kuwi ngemu pangerten upa-dayaning manungsa ngrengkuh sukses, nanging sukses oraning kuwi ditemtukake dening kekuatane dan panggagasing Gusti Kang Murbeng Dumadi. (3) Keberuntungan kuwi ngemu pangerten dumadining sikon (situasi kondisi) sukses liwat dalan sing ora mlebu nalar, sanadyan manungsa wis ngupadaya temen-temen utawa sak kuwate.

Dene ing kapitadosan Kristen, wonten malih istilah kang kasebut predestinasi; punika doktrin gereja ingkang paring pangatag bilih sedaya prekawis ingkang kalampahan ing alam donya punika sampun katetepaken dening Gusti Allah. Predestinasi wujuding konsep religius ingkang nata sesambetanipun manungsa pribadi kaliyan Gusti Allah. Predestinasi nggadhah antonim determinisme (kehendak bebas). Pirembaganipun Gusti Allah kaliyan bapa Ayub ingkang tetela wonten waosan kita dinten punika jelasaken prekawis panguwasaning (kedaulatan) Gusti Allah, ingkang  boten kenging dipun gugat/dipun tandingi dening manungsa. Pitakenan-pitakenan saking Gusti Allah dumateng bapa Ayub; wonten pundi bapa Ayub nalika Gusti Allah nitahaken langit, bumi lan saisinipun? Punapa kuwagan bapa Ayub nata-ngatur alam donya saisinipun ingkang sampun katitahaken dening Gusti Allah kanthi ngedap-edapi? Prekawis punika dadosaken bapa Ayub trenyuh ing manah, sadar kualitas dirinipun ingkang namung titah punika, benten sanget kaliyan kualitasipun Gusti Allah Kang Murbeng Dumadi. Bapa Ayub lajeng neter pribadi, bilih; (1) namung Gusti Allah ingkang kuwagan tuwin kagungan otoritas nata lan netepaken lumampahing alam titahipun punika; (2) namung Gusti Allah ingkang kagungan panguwasa mutlak dumateng sadaya titah lan diri manungsa.

Lajeng kadospundi kedahipun sikap kita?  Tiyang pitados kedah sumuyut sembah bekti, pasrah nurut Gusti Allah; boten wonten daya manungsa nglawan Gusti Allah! Sumangga dados seksi-seksi ing bab punika! (wa-one)

“Pasrah sumarah adedasar pangaken dumatheng Gusti Kang nitahake sadaya kanthi elok lan elok kawusananing!”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak