Waosan: 1 Korinta 1 : 18 – 31 | Pamuji: KPJ. 279
Nats: “Nanging kang kaanggep bodho mungguhing jagad, kapilih dening Gusti Allah kanggo mirangake para wong wicaksana, apadene kang kaanggep ringkih mungguhing jagad, kapilih dening Gusti Allah kanggo mirangake kang rosa, …” (Ayat 27)
Salebeting gesang panjenengan punapa tah ingkang utami? Mbok bilih wonten ingkang badhe mangsuli: ingkang utami ing gesang punika sugih, awit tiyang ingkang sugih punika saged nyekapi sadaya kabetahan gesangipun. Piyambakipun bingah karana sadaya pepenginanipun saged katurutan. Wonten ingkang mangsuli: ingkang utami ing gesang punika drajat lan pangkat, awit tiyang ingkang kagungan drajat lan pangkat punika nggadhah panguwaos lan dipun urmati dening tiyang sanes. Wonten ugi ingkang mangsuli: ingkang utami ing gesang punika wilujeng. Tiyang sugiha kados punapa, nggadhahana drajat lan pangkat ingkang inggil nanging bilih gesangipun mboten wilujeng tamtu ugi badhe sisah.
Rasul Paulus ngatak pasamuwan Korinta bab wigatinipun martosaken Injil. Kanggenipun tiyang Yahudi bab martosaken Sang Kristus ingkang sinalib punika dados sandhungan, lan kanggenipun tiyang Yunani punika dipun anggep kabodhoan (Ay. 23). Nyatanipun kangge para tiyang pitados, bab martosaken Sang Kristus punika dados kakiyatan saha kawicaksanan saking Gusti Allah (Ay. 24). Pramila Rasul Paulus ngiyataken para pitados ing kutha Korinta supados tatag ngadepi maneka warni pacoben nalika martosaken Sang Kristus. Kados ing ayat nats kita, Rasul Paulus nyebataken, “Nanging kang kaanggep bodho mungguhing jagad, kapilih dening Gusti Allah kanggo mirangake para wong wicaksana, apadene kang kaanggep ringkih mungguhing jagad, kapilih dening Gusti Allah kanggo mirangake kang rosa, …” (Ay. 27). Nats punika dados kakiyatan para tiyang pitados anggenipun setya martosaken Sang Kristus, mboten ngangge kakiyatan sacara kamanungsan nanging ngagem kawicaksanan saking Gusti.
Ing pekan suci punika, kita minangka umat-Ipun Gusti sami dipun timbali kangge martosaken Sang Kristus salebeting gesang kita. Gusti Yesus sampun karsa nandhang sangsara kangge kita manungsa. Panjenenganipun sampun ngorbanaken Sariranipun supados kita sami wilujeng. Pramila sampun ngantos kita nilar Gusti Yesus, nanging mangga kita sansaya setya lan langkung rumaket dhumateng Gusti. Kita wantun martosaken Gusti Yesus. Mangga kita nyuwun kakiyatan lan kawicaksanan saking Gusti, awit srana kawicaksanan saking Gusti kemawon kita saged martosaken Gusti Yesus lan nampi kawilujengan. Amin. [AR].
“Gusti Allah Sang Sumber Kawicaksanan, mugi nunggil lan nulungi kita.”