Audi et Alteram Patem Pancaran Air Hidup 3 Mei 2022

3 May 2022

Waosan: Lelalone Para Rasul 26 : 1 – 18 | Pamuji: KPJ 142
Nats:
“Dhuh, Sang Prabu Agripa, kawula rumaos tampi kabegjan, dene ing dinten punika kawula dipun parengaken ngaturaken panjawab wonten ing ngarsa dalem tumrap sadaya gigatanipun tiyang-tiyang Yahudi dhumateng kawula, …” (Ayat 2).

Punapa tegesipun Audi et Alteram Partem? Tegesipun inggih punika mirengaken pemanggihipun salah satunggaling pihak, saderengipun hakim paring putusan ing pengadilan. Hakim kedah mirengaken pembelaan saking pihak ingkang dipun dakwa nglampahi panerak hukum, kanthi tujuan manggihaken kebenaran materiel ing prakawis ingkang dipun adili.

Ing waosan dinten punika, kita sami manggihi lelampahanipun pengadilan ingkang kapimpin dening Sang Prabu Agripa. Asas Audi et Alteram Partem sampun dipun trepaken dening Sang Prabu Agripa. Rasul Paulus kaparingan wekdal kangge mangsuli gigatanipun tiyang-tiyang Yahudi. Ing ayat 2, dipun terangaken bilih Rasul Paulus rumaos begja. “Dhuh, Sang Prabu Agripa, kawula rumaos tampi kabegjan, dene ing dinten punika kawula dipun parengaken ngaturaken panjawab wonten ing ngarsa dalem tumrap sadaya gigatanipun tiyang-tiyang Yahudi dhumateng kawula, …” (ay. 2). Wekdal ingkang kaparingaken dhateng Rasul Paulus tamtu dados berkah. Rasul Paulus ngginakaken wekdal punika kanthi sae, kangge nerangaken kawontenan dirinipun. Kejawi saking punika, Rasul Paulus saged martosaken lan dados seksinipun Gusti Yesus, mboten namung kangge para tiyang Yahudi kemawon nanging ugi kangge bangsa sanesipun, langkung-langkung para pangagenging bangsa Romawi.

Saking Rasul Paulus kita saged sinau ngginakaken wekdal kangge martosaken lan dados seksinipun Gusti Yesus ing sadaya kawontenan. Tansah nggladi dhiri supados kagungan raos tatag, mboten keder lan saged paring wangsulan kanthi lancar menawi ngadepi gigatan tiyang ingkang benten iman kapitadosan. Karana punika mangga kita tansah nyelak dhateng Gusti Yesus. Kita nyuwun pangertosan saha kawicaksanan salebeting gesang kita. Mekatena ugi kita wantun atur paseksi ing bab kayekten lan kawilujengan saking Gusti Yesus. Mugi Gusti Yesus tansah ngiyataken kita sadaya. Amin. [SWT].

“Nging Pangeran Gusti, kula datan wedi mring tyang drengki wah srei.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak