Pethi Prajanjian Pancaran Air Hidup 3 Juni 2025

3 June 2025

Waosan: 2 Babad 5 : 2 – 14  |  Pamuji: KPJ. 118
Nats: “Para juru ngunekake kalasangka lan para juru ngidung mau banjur padha bebarengan ngidungake pepujian lan ngrepekake kidung panuwun konjuk marang Pangeran Yehuwah.” (Ayat 13)

Bab pepanggihan kaliyan Gusti Allah punika saged kita alami saben dinten, saben wekdal. Sacara khusus ing dinten Minggu, sesarengan kaliyan para umat pitados, kita ngabekti dhumateng Gusti wonten ing greja. Ing ngriku kita sami memuji Gusti, nyuwun pangapuntening dosa, nampi sih rahmat, mirengaken sabdanipun Gusti, ngucapaken sahadat, ndedonga syafaat, ngaturaken pisungsung, lan nampi berkah saking Gusti. Para palados sae punika pendita, guru Injil, pinituwa lan diaken dados sarana kagem martosaken sabdanipun Gusti. Ing pundi para umat ingkang rawuh lan ndherek ngabekti sami mirengaken lan ngestokaken sabdanipun Gusti punika.

Waosan dinten punika nyariosaken bab Pethi Prajanjian ingkang dipun pindah dhateng Padaleman Suci ing Yerusalem kaliyan Prabu Salomo. Salebeting Pethi Prajanjian punika kasimpen Kalih Loh Sela ingkang isinipun sedasa titahipun Gusti. Pethi Prajanjian punika dados pangenget bilih Gusti Allah sampun mitulungi lan ngluwari bangsa Israel saking Mesir. Kacariyos pethi prajanjian punika dipun usung pindah nalika riyadin Pondok Daun (Ay. 3). Kalampahan mekaten supados bangsa Israel tansah saos sokur dhumateng Gusti awit Gusti sampun nganthi lampahipun bangsa Israel, medal saking Mesir tumuju Kanaan. Pethi Prajanjian punika dipun usung kaliyan para imam ingkang nyuceni dhiri langkung rumiyin sak derengipun nindakaken ayahanipun. Sesarengan para juru ngidung sami memuji Gusti srana ngucap, “Panjenengane iku becik! Sih susetyane iku langgeng ing salawase.” (Ay. 13) Srana tumindak punika bangsa Israel tansah ngarahaken manahipun kanthi temen dhumateng Gusti.

Rasul Paulus nate nyebataken bilih badan kita punika minangka Padalemanipun Gusti (1 Kor. 3:16). Tegesipun kita kedah njagi kasucen badan lan gesang kita. Kita kedah dados tuladha kangge tiyang sanes ing gesang punika. Wonten ing sasi Kespel punika, mangga kita sami nindakaken kesaksian ingkang sae lan endah salebeting gesang kita. Mekatena kita sumadya ngladosi para warganing pasamuwan, sae lumantar peladosan sabda, nuweni warga sakit, ndongakaken warga ingkang nandhang karibetan, lsp. Sadaya punika dados sarana kangge kita ngalami lan ngraosaken Gusti salebeting gesang. Mugi Gusti paring kakiyatan lan kasetyan dhateng kita nindakaken kesaksian lan peladosan ingkang murni. Amin. [AR].

“Kita saged pinanggih Gusti ing pepanggihan kita kaliyan sesami.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak