Nindakaken Kabecikan Pancaran Air Hidup 3 Februari 2023

3 February 2023

Waosan: Yesaya 29 : 1 – 12 | Pamuji: KPJ. 350
Nats:Ingsun bakal kekemah ana ing sakehing keblat ngepung sira, lan damel panggung-panggung pajagan kanggo mepetake sira, apadene bakal ngedegake pager-pager kanggo ngepung sira.” (Ayat 3)

Wekdal kula taksih SD, kula nate dipun ukum ibu kula. Ing tahun 2000-an kula sabrayat nembe wangsul saking perantauan tanah Papua dhateng tanah Jawi Wetan. Rikala semanten kula taksih mboten mangertos basa Jawi. Wiwitan mlebet SD ing Jawi, kula asring wangsul rumiyin sanadyan dereng wancinipun, amargi sedaya kanca kula ngangge basa Jawi lan kula mboten krasan ing kelas. Pas dumugi ing griya, Ibu lajeng dukani kula. Kula dipun utus ngangge ageman dowo lajeng kaikat wonten ing satunggaling wit ing sisihipun sumur. Nanging mboten dangu, Ibu lajeng nangis sesenggukan, tali punika dipun uculi lan ngrangkul kula. Ibu ngukum kula, amargi kula salah.

Suasana punika kirang langkung sami kaliyan suasana ing waosan kita. Nyariosaken bilih Gusti Allah ngukum para tiyang Yahudi ing Yerusalem. Yerusalem ingkang dados punjering kegiatan keagamaan tiyang Yahudi, kagambaraken badhe dipun ukum kanthi temen, dipun kepung sarta dipun pepet. Kados-kados paring gegambaran bilih Gusti Allah murka sanget dhateng tiyang Yaudi ing Yerusalem. Tamtu wonten alasan, kenging punapa Gusti Allah tumindak kados mekaten. Sedaya kalawau amargi tiyang Yahudi mboten kersa nglampahi gesang lan ngabekti kanthi temen lan langkung sae dhumateng Gusti. Sedaya namung dipun tindakaken minangka rutinitas, sanes kanthi tujuan supados langkung dinten langkung sae. Saking ngriki kita mangertos bilih Gusti Allah murka dhateng tiyang ingkang salah lan tumindak mboten sae.

Tamtunipun wonten gesang kita, Gusti Allah ugi badhe murka bilih kita tumindak dosa lan awon. Mila swawi, kita ingkang taksih dipun paringi kesempatan nglampahi gesang punika, mangga kita tansah ngupadi nindakaken kabecikan, nindakaken karsa-Nipun Gusti, supados kita mboten nampi paukuman ingkang nggegirisi. Kita minangka umat kagunganipun Gusti, tamtu mboten wonten ingkang sampurna, nanging bilih kita taksih wonten kesempatan kangge kita milih tumindak ingkang condong kaliyan karsanipun Gusti kaliyan ingkang mboten, enggal-enggal kita milih ingkang condong kaliyan karsanipun Gusti, satemah kita mboten dados salah lan dipun ukum dening Gusti Allah. Amin. [TpJ].

“Yen kabecikan sing diupadi, mesthi ora bakal diukum!”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak