Kabayan Nandur Pisang Renungan Harian 29 September 2019

29 September 2019

Waosan :  1 Timoteus 6 : 6 – 19   |   Pamuji : KPK 141: 3,4
Nats:
“Padha elingna, supaya padha nglakoni panggawe becik, dadi sugih ing bab kabecikan, dhangan weweh lan memandumi ” (ayat 18)

Kabayan damel jeglongan (lubang), lajeng tanggipun ingkang ningali punapa ingkang dipun tindakaken Kabayan paring pitakenan :

T : Kabayan, gawe opo kowe?  gawe jeglongan?

K : Gawe nandur pisang

T : Pisang gawe apa?

K : Ya dipangan

T : Gawe apa mangan pisang?

K : Ben oleh daya (tenaga)

T : Gawe opo kok pengen oleh daya (tenaga)

K : Ben isa gawe jeglongan

Menawi kita mirsani tumindak Kabayan punika, Kabayan damel jeglongan kangge damel jeglongan anyar ingkang migunani diri pribadi piyambak. Punapa nggih maknanipun damel jeglongan kangge nanem pisang namung sesempit punika?

Sejatosipun sedaya tumindak kita kedahipun dados berarti sarta maringi arti (makna). Mboten namung tumindak biasa kemawon. Tumindak ingkang gadhah makna sarta maringi makna saged dipun lampahi sinten kemawon, mboten namung ingkang ageng tumindakipun. Ibu ingkang masak kangge brayat, maknanipun mboten namun masak ananging nyawisaken masa depan putra-putranipun. Petani ingkang nanem pantun, punika ateges paring kehidupan dumateng manungsa.  Guru ingkang mucal, punika nedahaken bilih sang Guru mranata masa depaning bangsa. Sedaya ingkang kita tindakaken mboten namung dipun tempeli embel-embel materialistis sarta nguntungaken diri pribadi piyambak. Punika tegesipun bilih kita kedah sugih bab kabecikan, dhangan weweh memandumi (ayat 18).

Manungsa gesang kedahipun dados berkah kangge tiyang sanes. Gusti Yesus ngurbanaken Sariranipun supados kita pinaringan kawilujengan.  Gusti Yesus dados panutaning gesang kita supados salebeting gesang kita punika dados berkah kangge sesami. Mangga sapunika kita nglampahi gesang punika kanthi tumindak gesang ingkang maedahi. Kita boten namung mikir kangge gesang kita piyambak ananging ugi kangge sesami kita. Lumantar sedaya pakaryan ingkang kita tindakaken sedaya saged mujudaken berkah kangge sesami agesang. [Ardien]

“Tumindak kita ing gesang supados gesang punika saged nuwuhi makna”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak