Pitakenan Ingkang Becik Pancaran Air Hidup 29 Oktober 2023

29 October 2023

Waosan:  Mateus 22 : 34 – 46 | Pamuji: KPJ. 52
Nats: “Ana siji panunggalane wong-wong mau, yaiku ahli Toret, sing arep nyoba marang Panjenengane, matur pitakon: “Guru, angger-angger ing salebeting Toret punika ingkang ageng piyambak ingkang pundi?(Ayat 35-36)

Salah satunggiling cara supados kita nggadahi pemanggih utawi nalar ingkang wiyar inggih punika sarananipun purun atur pitakenan dhateng liyan. Sangsaya katah pitakenan, sangsaya katah wangsulanipun, sangsaya kathah kita nampi ilmu utawi pangertosan. Ananging sadaya wangsulan ingkang ngemu pengertosan punika saged muspra lan mboten ketingal ginanipun gumantung dhiri kita piyambak. Sanajan pitakenan punika wigati, ananging bilih dipun lambari kaliyan raos congkak, gumunggung, sok pinter, mesti wangsulan punapa kemawon ingkang kita tampi mboten wonten ginanipun amargi saking ing kawiwitan sampun nggadahi sifat egois, namung purun mirengaken pemanggihipun piyambak.

Kacariyos ing waosan kita dinten punika, wonten tiyang Saduki lan Farisi ingkang paring pacoban dhumateng Gusti Yesus. Salah satunggiling saking tiyang-tiyang kalawau, inggih punika Ahli Toret. Ahli Toret punika lajeng matur pitakenan dhumateng Gusti Yesus ingkang sejatosipun kangge nyoba Gusti Yesus. “Guru, angger-angger ing salebeting Toret punika ingkang ageng piyambak ingkang pundi?” (Ay. 35-36). Ing ngriku, Gusti Yesus saged paring wangsulan ingkang sae, ingkang kita mangertosi minangka piwucal bab Angger-angger katresnan. Para ahli Toret punika lajeng sidem, saged ugi rumaos kuciwa awit mboten saged menang saking Gusti Yesus, lan ingkang dipun tampi namung raos wirang.

Manungsa punika mahkluk ingkang kebak pitakenan, bab punika ateges anggenipun manungsa nglampahi gesangipun kalampahan kanthi sinau, awit pangertosaning manungsa punika winates. Mekatena ugi salebeting gesang kita, mboten namung sinau atur pitakenan ingkang wigati kemawon, ananging ugi niat anggenipun kita atur pitakenan punika kedah sae. Niat ingkang sae badhe nemu hikmat, kabeneran, lan kahanan ingkang sae. Niat ingkang ala badhe nemu kasedihan, kuciwa, lan wirang ing satengahing gesang. Krana punika swawi kita sami atur pitakenan-pitakenan ingkang becik, ingkang kalambaran niat ingkang becik ugi. Amin. [Sungsang].

 “Bener luput, ala becik, begja cilaka, hamung saking badan priyangga.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak