Waosan: Mazmur 53: 1 –7 | Pamuji: KPJ. 52
Nats: “Para wong kang nglakoni piala iku apa ora ngrumangsani, …” (Ayat 5)
Ing media online Detik Health, Senin, 28 Maret 2011, wonten seratan ngingingi cirinipun psikopat. Ing ngriku dipun terangken psikopat punika tiyang ingkang mboten kagungan raos lepat. Senaosa piyambakipun punika mbujuk, ndamel pilara ngatos mejahi tiyang sanes, sekeca kemawon anggenipun nglampahi. Saged nyimpen kanthi sae, satemah kalepatanipun mboten dipun mangertosi kaliyan tiyang sanes. Psikopat punika kalebet tiyang ingkang pinter lan saged srawung kaliyan tiyang sanes. Kangge mangertosi tiyang punika psikopat, kedah dipun priksa secara psikologis kanthi lebet (anamnesis) supados saged mangertosi lampah gesangipun. Tiyang punika saged dados psikopat awit karana nate ngalami pilara, dipun siksa, lan ugi dipun tilar dening tiyang ingkang dipun tresnani.
Nyatanipun, mboten namung jaman samangke kemawon wonten tiyang ingkang kasebat psikopat punika. Sang Prabu Dawud ugi nyebataken wontenipun para tiyang ingkang nglampahi pandamel awon, nanging mboten ngrumaosi tumindakipun ingkang awon punika. Anggen piyambakipun damel pilara dhateng umat kagunganipun Gusti, kagambaraken kados dene dahar roti ngantos telas. Para tiyang wau pancen lampah gesangipun awon lan nistha, kaculikan, lan mboten wonten ingkang nglampahi kasaenan. Ingkang terang, Gusti Allah pirsai tindhak-tanduk ingkang kados mekaten kalawau lan tamtu mboten condhong kaliyan karsanipun.
Saestu dados prekawis ingkang mrihatosaken sanget menawi wonten tiyang ingkang nglampahi pandamel awon, nanging mboten ngrumaosi. Menawi wonten ingkang dhawah ing lampah gesang ingkang kados mekaten wau, tamtu mbebayani sanget kangge tiyang sanes. Minangka umat kagunganipun Gusti, sumangga kita sami nyenyuwun supados mboten dhawah ing lampah gesang ingkang kados mekaten kalawau. Menawi lepat kersaa, mangga kita sami ngakeni kalepatan kita. Kita saged ta dados panderekipun Gusti ingkang tansah nindakaken kabecikan lan katresnan ingkang sayektos. Bilih wonten sederek kita ingkang lepat, mangga kita sami ngengetaken supados sederek kita punika sadar tumrap tumindak gesangipun ingkang lepat lan purun mangun gesang ingkang sae dhateng sesami. Amin. [SWT].
“Dhuh Sang Roh Suci mugi nulungi temah mursid yekti.”