Waosan: Matius 5 : 1 – 12 | Pamuji: KPJ. 136: 3 – 4
Nats: “Rahayu wong kang ambek welasan, awit iku bakal padha oleh piwelas.” (Ayat 7).
Menawi kita mireng ukara “Sekolah Gratis”, ing pemanggih kita sekolah punika mesthi dipun yasa dening pengusaha sukses utawi tiyang sugih. Pemanggih punika dados prekawis ingkang limrah, awit kangge nyekapi kabetahan operasional, sekolah punika mbetahaken ragad ingkang kathah. Kosokwangsulipun nalika kita sumerep bilih sekolah gratis punika dipun yasa lan dipun ragadi dening tiyang ingkang sacara ekonomi pas-pasan, tamtu kita badhe rumaos gumun lan aneh. Kados pundi tiyang ingkang gesangipun pas-pasan saged ngragadi operasional sekolah punika? Yoseph Bikololong, piyantun punika ingkang dados conto nyata ing babagan punika. Priyantun saking Kupang-NTT punika padamelanipun namung dados pemulung. Nanging, wiwit taun 2004, piyambakipun saged ngrintis sekolah PAUD lan SMP gratis ing daerahipun. Yoseph mbangun sekolah punika saking asil keringatipun nalika mulung. Niatipun Yoseph punika tamtunipun boten tanpa pambengan. Malah garwanipun piyambak nate nampik gagasanipun. Pakewed punika boten dadosaken Yoseph mundur anggenipun dados tiyang ingkang loma.
Nats kita ing inggil punika minangka perangan piwucalipun Gusti Yesus ingkang dipun wastani Khotbah di Bukit. Gusti Yesus sami mucal tiyang kathah bab karahayon. Kasebataken ing nats kita, “Rahayu wong kang ambek welasan, awit iku bakal padha oleh piwelas.” Saking piwucal punika, Gusti Yesus ngendikan tiyang ingkang gesangipun kebak piwelas dhateng sesaminipun, saestu gesangipun badhe ngraosaken kabingahan. Tiyang punika boten badhe eman-eman anggenipun andum berkah dhateng tiyang sanes, karana piyambakipun sampun ngraosaken berkah-berkahipun Gusti. Salebeting gesangipun sadinten-dinten, piyambakipun pitados bilih Gusti Allah tansah nyekapi saha paring sih piwelas dhateng piyambakipun. Mila Gusti Yesus mucal rahayu tiyang ingkang ambek welasan.
Punapa ingkang dipun tindakaken Yoseph Bikololong taksih dipun lajengaken ngantos samangke. Piyambakipun pitados bilih Gusti Allah tansah paring kasagedan lan nyekapi sedaya kabetahanipun. Panci leres dhawuhipun Gusti ing nats kita, bilih tiyang loma utawi ambek welasan, bakal nampeni kamirahaning Gusti. Mila sampun ngantos kita ajrih dados tiyang loma. Kita pitados Gusti Allah tansah makarya dhateng kita. Mangga kita sami mujudaken timbalanipun Gusti punika, kita dados tiyang ingkang loma utawi ambek welasan dhateng sesami kita, awit punapa ingkang kita tindakaken punika saged nuwuhaken raos rahayu ing manah lan gesang kita. Amin. [DK].
“Sing sapa aweh ngombe, bakal diwenehi ngombe.”