Waosan : Yeremia 33 : 10 – 16 | Pamuji : KPJ. 155 : 1, 2, 3
Nats: “Pangandikane Sang Yehuwah mangkene: Lah, bakal tumeka ing mangsane anggoningSun bakal nuhoni prasetya, kang Sunparingake marang tedhak turune Israel lan Yehuda” (Ay. 14)
“Wah kojur tenan, Mas!” Lik Min matur kaliyan nyedhaki Pak Dhe. Dereng ical kagetipun Pak Dhe, Lik Min sampun matur malih, “Bocah siji kae ancen kurang ajar! Janjine arep bayar utang nek wes tahun baru, eh… nganti meh telung sasi, nek ditagih semoyo wae. Iki mau tak parani omahe, suwung. Jare wes lunga Jakarta. Saiki piye leh ku mbayar sekolahe anakku? Trus aku kudu piye?”. “Lha kuwi jenenge kapusan janji” aturipun Pak Dhe tenang kalian nlajengaken ngasah arit.
Manungsa punika pinter sanget ngobral janji, nanging bilih sampun wancinipun netepi, ugi kathah ingkang pinter nyelaki. Mila kathah kedadosan kapusan janji kados Cak Min. Tebih sanget kaliyan janji prasetyanipun Gusti ingkang saestu kalampahan. Pramila mboten salah bilih kita sami gadhah pangajeng-ajeng ing Gusti. Kados Nabi Yeremia ingkang medharaken pangandikanipun Gusti bab prasetya tumrap tedhak turunipun Israel nalika sami ngadhepi prastawa pambuwangan ing tanah Babel. Janji prasetya ingkang dipun wedharaken punika bab kaadilan, kabeneran lan katentreman ingkang bakal katampi dening bangsa Israel. (ay. 15-16). Janji prasetyanipun Gusti dados kakiyatan tumrap bangsa Israel satemah saged tetep setya tuhu sinaosa wonten satengahing pambuwangan. Gusti lajeng paring kamardikan lan katentreman. Mila kanthi makaten, pangajeng-ajeng ing Gusti saestu dados kakiyataning manungsa ngadhepi tantangan ing pigesanganipun.
“Min, kowe lak percaya karo Gusti Yesus to?” Pak Dhe ndangu, Lik Min manthuk. “Saiki dhuwit telung atus ewu sing mbok utangne kuwi, lilakno! Pasrahna nyang Gusti! Mengko Gusti Yesus sing Maha Tresna bakal nata lan nyukupi kebutuhanmu, kowe percaya?” Pak Dhe ndangu maneh lan Lik Min ugi manthuk. “Sing tenang! Saiki, ayo ngewangi aku ngepek godhong palem kanggo sesok! Mengko tak opahi.” ajakipun Pak Dhe. (jarwi).
“Sing tenang, pangarep-arepmu ing Gusti kuwi ora ngapirani – Rasul Paulus”