Nyahak Wewenang Pancaran Air Hidup 27 Januari 2023

Waosan: Pangandharing Toret 24 : 17 – 25 : 4 ǀ Pamuji: KPJ. 161 : 1 – 2
Nats:Kowe aja nyahak wewenange wong bangsa liya lan bocah lola, …” (Ayat 17a)

Manungsa punika asring ewet rumaos cekap, karana ingkang dados pepinginanipun kathah. Manawi saged sedaya samukawis dados barang darbekipun. Sipat serakah punika kados-kados raket sanget kaliyan gesangipun manungsa. Kathah manungsa ingkang lajeng nebangi wit ing pategalan utawi redi tanpa nggatosaken keseimbangan alam, namung mburu kangge kabetahan lan pikajengipun piyambak. “Sing penting aku bathi, sing penting aku untung.” Boten peduli punika kagunganipun sinten, ingkang mestinipun kangge sedherekipun, dipun rebat dados gadhahipun piyambak. Lan taksih kathah cariyos sanesipun ingkang nggambaraken bilih manungsa punika nggadhahi sipat serakah.

Waosan kita ngengetaken bilih kita boten pareng nyahak wewenang tiyang sanes. Langkung-langkung nyahak wewenang sedherek kita ingkang mbetahaken pitulungan kita. Tiyang ingkang mbetahaken pitulungan, ing waosan kita kagambaraken kadosdene bocah lola. Gusti Allah ngengetaken bangsa Israel nalika dados batur ing tanah Mesir, ingkang boten nggadhah kebebasan babar pisan. Ing pundi bangsa Israel dipun peres tenaganipun, kados-kados boten nggadhahi wewenang tumrap badan lan gesangipun piyambak. Prastawa bangsa Israel dados batur ing tanah Mesir saestu dados prastawa ingkang mrihatosaken sanget. Bilih Gusti Allah sampun paring pangluwaran, bangsa Israel boten pareng nyahak wewenangipun tiyang sanes. Sampun nate ngraosaken kecalan wewenang lan punika boten sekeca, pramila kedah saged ngurmati wewenangipun tiyang sanes lan manawi saged malah paring pambiyantu dhateng sedherek ingkang kecalan wewenang.

Ing wulan punika kita taksih lumebet ing wulan penciptaan. Kita sedaya sami katimbalan ngurmati lan ngrimati sedaya titahipun Gusti, boten malah nyahak wewenangipun. Sumangga kita sami ngestokaken punapa ingkang dados karsanipun Gusti Allah, inggih punika boten nyahak wewenangipun tiyang sanes utawi titah sanes. Sedaya titah punika kalebet gesangipun alam ing sakiwa tengen kita, kedah kita tresnani, kita urmati, kita rimati, supados sedaya titah saged gesang lan tuwuh kanthi mbingahaken. Sedaya saged gesang lan nindakaken peranipun piyambak-piyambak kanthi sembada. Sumangga kita sami ngurmati wewenangipun sedaya titahipun Gusti. Roh Suci paring kasagedan dhateng kita sami. Amin. [Life].

Nyahak wewenangipun tiyang sanes punika nggelani penggalihipun Gusti.

 

Bagikan Entri Ini: